Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-20-

PARAMASASTRA DJAWI


V.
TEMBUNG TJAMBORAN (MAJEMUK)

Wudjud, pangrimbang lan teges :

bapa-bijung = bapa lan bijung.
geḍé-tjilik = geḍé utawa tjilik.
tukang-sepatu  = tukang pakarjané gawé sepatu.
dubang = idu abang (iduné wong nginang).
nagasari = djenenge panganan,

Katrangan :

Tembung kang panjamboré wutuh, diarani : tjamboran wutuh
(wong-tuwa, tumpuk-unḍung).
Tembung kang panjamboré tugel diarani : tjamboran tugel
(dubang, kakkong).
--ooOoo--


VI.
TEMBUNG WANTJAHAN
Na ! < Sadina ! nika < punika.
Ḍi ! < Aḍi ! teng < ḍateng.
dèn mas < radèn mas mang < samang.

Katrangan :

Tembung kang diwantjah utawa ditjekak iku tumrap adjining tegesé bandjur suda.
Mulané tembung wantjahan mung katudjokaké marang wong kang wis kulina baé.
Tembung krama jèn diwanjtah dadi tembung madya.


--ooOoo--