Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 22 -

PARAMASASTRA DJAWI

5. Ukara rong warna ing duwur iku kena diwolak-walik (transitive), djedjer dadi lésan, lésan dadi djedjer. Ukara kang ora kena diwalik, upama :

uduné metjah (intransitive)
kaku turu
endogé netes.
PANGRAT JUTING UKARA.
(udalan ukara, udalan tembung)

Ukara iku pérangané kang baku ana loro djedjer lan wasésa. (udalan ukara).

Pérangan lijané jaiku : lésan lan katrangan.

Djedjer = péranganing ukara kang ditjaritakaké (Pokok kalimat).
Wasésa = tjaritaning djedjer. (sebutan).
Lésan = péranganing ukara kang nandang (katrangan).

Warna-warnaning katrangan: katr. panggonan, mangsa (wajah), sabab, kadadéan, antjas, pepindan, kaanan lsp.

Tulada:

1. Bagija nulis lajang.

Bagija - djedjer.
nulis - wasésa.
lajang - lésan.

2. Mau bengi aku nginep ing omahé kantja.

Aku - djedjer.
nginep - wasésa.
mau bengi - katrangan wajah.
ing omahé kantja - katrangan panggonan.