Kaca:Paramasastra Djawi.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

PARAMASASTRA DJAWI

-19-


3. bebetjiké < be - betjik + é) sing luwih betjik.


Katrangan :

Rimbag : dwipurwa iku tembung kang dirangkep purwané (dwi = loro : purwa = wiwitan).

Panulisé ing sastra Latin, wandané wiwitan (rangkepané) liniru ing : e. Tembung kang luwih saka 2 wanda, ora kena digawé dwipurwa. :


b. Dwilingga

Wudjud, pangrimbag lan teges:

pitik-pitiké < pitik + pitik + é
matja-matja < matja + matja
takon-takon < takon + takon
bola-bali < bali + bali

Katrangan

 Tembung kang dirangkep linggané aran: Dwilingga

 Kang adjeg (ora owah) swarané, diarani : Dwilingga wantah

 Kang owah swarané, aran : Dwilingsa salin swara.

 Tembung andahan uga kena dirangkep :

ditulisi > ditulis-tulisi
sadina > sadinamdina
tumular > tumular-tular
rungonen > yungon-rungonen.

Dwiwasana:

Wudjud, nangrimbag lan teges :

tjekakak < tjeka(k) + kak = ngguju seru.
tjeluluk < tjeluk = alok-alok.

Katrangan

Tembung kang dirangkep wandané pungkasan, diarani : dwiwasana.

Lumrahé awudjud: lingga andahan sarta sok dipananbangi an.


--oo0oo--