Kaca:Panjurung.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Pikiran wis ora bisa digunakake kanthi wening. Laras pistul dienerakr





barang anyes. Budi apal, kuwi laras pistul. Enggal wae pistule Tarmo kang mung diselehake ana amben amarga Tarmo ora ngira bakal ana dredah, dicandhak dening Budi lan dikokang.

Sirah pet-petan, bebarengan klawan ati kang lapi kebrongot,

dhadhane Tarmo, picu ditarik. Dhor! Tarmo mbengok banjur ambruk. Mamang lan Giman bingung, Budi ora menehi kalodhangan maran kancane loro kuwi. Dhor... dhor! Mamang lan Giman ambruk tinembus peluru.

Nanging sadurunge Giman ngemasil, tangane isih bisa rogoh- rogoh barang sing sumlempit ing bangkekan ketutupan klambi. Pistul. Dhor! Budi sing wis lungguh ing ambe ketembus pelurue Giman. Budi ambruk, pelurune Giman nembus jantung. Bebarengan karo kuwi, Giman uga pedhot ambegane. 1

72