Kaca:Panjurung.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Sing ora tentrem kuwi sapa. Buktine aku, Mamang, lan Giman, . isih krasa tentrem kanthi cara urip kaya ngene.”

“Kuwi sakarepmu, nanging aku wis duwe tekad ninggala: panguripan kaya saiki iki”.

“Bos, ajanekad. Sasuwene iki, aku, Mamang, lan Giman manut apa sing koprentahake. Bok saiki gentenan Bos manut karo kanca- kancamu iki,” kandhane Tarmo ora kalah sereng.

“Kowe kuwi manut rak mung butuh iguh pratikelku. Sasuwene iki yen awake dhewe arep nindakake ngrampok, njambret, lan nodhong nasabah bank, sing gawe iguh aku. Kowe kabeh manut ora marga manut karo aku, nanging mung manut butuh ipuhku.”

“Bos, nek Bos gelem nuruti kanca-kanca, aku sakanca tetep ngakoni yen Bos dadi bosku. Nanging yen ora, aku sing dadi bos. Mamang lan Giman mung manut apa prentahku,” kandhane Tarmo.

“Mo, aku wis duwe niyat bakal nglakoni urip kaya wong-wong liyane. Urip lumrah. Tekadku kenceng, sing ngalang-alangi daksingkirake.”

“Bagus, Bos, kuwi tekad sing gedhe. Saiki aku kepengin ngerti sepira gedhene tekade bosku iki,” kandha ngono Tarmo karo kepelane sumiyut ngenani raine Budi.

Dibacutake, sikile Tarmo nggajul plakangane Budi. Budi mung bisa sambat lara marga tangane loro dicekeli Mamang lan Giman. Kepelane Tarmo sumiyut maneh ngener pulung ati.

“Culke, aku kepengin ngerti ketiyasane Bosku iki,” kandhane Tarmo.

Mamang lan Giman ngeculake cekelane, Durung jejeg Budi olehe ngadeg, Tarmo wis mencolot. Tungkake ndugang dhadha. Budi senggoyongan. Saiki Tarmo nyandhak wesi gedhene sajempol sikile wong tuwa, dawane sadhepa. Wesi kagebugake sirahe Budi. Begja Budi bisa nangkis nganggo tangane, kang njalari tangane njarem. Nanging bareng Tarmo olehe mbabitake wesine wola-wali, wusanane wola-wali ngenani awake Budi. Nalika wesi kuwi klakon nibani cengele Budi, dheweke Ppet-petan. Senggoyoran, Budi tiba ing amben kang ana ing kono.

Ambegane Budi wis mengkis-mengkis. Mlumah ngathang-athang ing amben kono. Tangane njrebabah. Tanpa sengaja, tangane nyenggol

71