Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

DARADASIH J. Kusumadi H.M.

Byar klekar lagi bae ngelekake mripate tangi turu. Ora perlu gebyur adus barang. Cukup pas foto (raup) bae. Mardi banjur ninggalake omah. Dudu omahe dhewe amarga bapak lan emboke klebu wong kleyang kabur kanginan kang angel dilacak asale. Nalika nom-nomane, bapak lan emboke padha dene wong ngumbara lan ora gelem bali marang asal lemah wutah getihe. Marga pancen warisane wis didhaku dening sedulur-sedulure lan dipatekake ora didumi.

Tumrap embokne Mardi kanggo apa nggondheli lemah kang mung uripe ditanduri pohung. Lemah kang dhelet-dhelet keterak ilen-ilen wedhi saka tutuke Gunung Merapi. Semono uga bapake uga mangkono. Nadyan duwe taler trah saka titising kusuma rembesing madu, nanging uga wiwit biyen ora nate nindakake pasowanan. Tembunge mung Den, laden. Den wis ora duwe papan padunungan kaya sing dha kagungan pangkat dhuwur. Nadyan tanpa sarasilah bisa apangkat Kangjeng Raden Tumenggung.

Marga Mardi anak turune wong seneng ngumbara bebasane ya kacang mangsa tinggala lanjaran utawa banyu miline nyang ngendi, tangi turu mau banjur piket ana pretelon pasar Ngasem, cedhak bakul rokok kono. Bakul rokok iku asmane Mas Run. Yen Mas Run nuju kulakan sok dititipi sedhela. Marga wis manuh becik, Mas run wis percaya yen Mardi sengara gelem njupuk dhuwit utawa pepayone rokok. Mung bae nadyan Mardi lagi umur watara sepuluh taun ya kaya kanca-kancane para guide cilik, wis nglecis padha udut.

Apa Mardi piket ana pretelon pasar dadi wong ngumbar tangan angon ulat, aliyas nyopet? Ora, ora, babar pisan ora. Lha ngapa ana kono? Adhang-adhang tetesing ebun. Yaiku dadi guide cilik. Mung yen Minggu bisa mruput adhang-adhang ing kono. Yen ora ana kono padha thenguk-thenguk ing pojok sekolahan Keputran II. Kadhang kancane loro apa telu, malah sok luwih. Paguyuban guide pancen becik, yen kancane ora oleh rejeki, sijine entuk banjur ngedumi kancane. Ning ya ora kabeh kaya ngono, merga bocah mono watake dhewe-dhewe. Ana sing seneng diwenehi, emoh weweh, ya ana. Ana uga sing loma. Ning

73