Kaca:Panjurung.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Ing pang wit rambutan ana munyuk bisa ngumandhangake Sumpah Pemuda. Bebek-bebek sing padha baris ing pelataran buri kuwi padha ngumandhangake Sapta Marga lan Sumpah Prajurit.

Durung tutug anggone padha gumun, keprungu swara rame-rame ana ngarepan “hamuk, hamuk, hamuk,...” mBah Suro enggal metu saperlu ngungak apa sing gawe rame mau.

Pranyata wong sakampung kono padha mara menyang omahe mBah Suro merga padha ketaman lelara hamuk. Teka mrono saperlu njaluk banyu bening saka mBah Suro. Ana wong wadon sing ngeterake bojone, anake lanang, adhine, lan liya-liyane. Ning anehe sing nandhang lara mau rata-rata wong lanang.

“Yen kowe kabeh padha mrene pancen ora luput. Aku duwe tamba sing bakal bisa ngusadani lelaramu kabeh. Wis, saiki dha sing sabar antri, lan aja ana sing gawe rerusuh ana papan kene.”

Kandha mangkono mBah Suro enggal mlebu omahe. Atine mesem. Mung kari ngetung wae wong sakampung mau ping seket ewu. Yakuwi pametune sing bakal mlebu dhompete mBah Suro. Sabanjure, wong sakampung mung bakal duwe swara mligi. Kudu mung duwe swara siji. Merga yen ora, bisa nuwuhake prekara maneka warna kang tundhone bisa gawe ora tentreme kampung. Kabeh mung duwe swara tembang kuwi, swara sumpah kuwi, lan swara-swara sing ora bakal nuwuhake rasa mrinding tumrap sing krungu.

Lakune mBah Suro tumuju senthong tengah. Papan sing kanggo nyimpen kaset-kaset sing wis digawe swara padha. Lakune mlipir ruang tengah. mBah Suro noleh menyang tumpukan bagor-bagor lan zag ana kono. Tumpukan rupa beras, gula pasir, lan lenga klentik. Dheweke n gerti banget yen sejatine kuwi tamba sing mujarab kanggo nambani lelara “hamuk!” mau.

28