Kaca:Panjurung.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Bener, betul sekali. Cocok sekali. Rasah kerja bakti barang. Sing ngeyel direformasi.”

“Horeee ... horeee .... Hidup reformasi.”

Pak Prono unjal ambegan landhung, nyopot kaca tingale banjur diresiki, watuk-watuk nuli ngendika maneh.

“Para warga Karangwaru sing daktresnani, ancasku nganakake program pelebaran jalan iki ora liya mung kanggo kesejahteraaane para warga. Lire, yen mengko wis amba ngarepake Agustus muga-muga dalan-dalan mau wis diaspal.”

“Ngapusi, golek ati. Jaman kaya ngene kok bangun ngaspal. Bara- bara nggo makani weteng ngelih iki,” panggrundhele wong-wong mau bebarengan.

“Bab bangun dalan iki dhanane wis ana, swadana murni saka masarakat. Dhuwit iyuran pembangunan para warga sing wis mlaku telung taun seprene ditambah bandha desa bisa nggo pawitan. Durung maneh bantuwan saka putra dhaerah sing sukses ing rantau, ing Jakarta, Surabaya, Bandung kang aran WPKW utawa Warga Peduli Karangwaru saguh mbiyantu 79 yuta,” mangkono panjlentrehe Pak Prono.

“Lho, arta semanten rak kenging ngge mbantu rakyat sing ngelih. Bab mbangun ngaten rak saged disemayani. Ning nek urusan weteng nggih kudu diprioritasake. Ya ora sedulur-sedulur?”

“Oooh, nek bab kuwi aja dikira aku ora nggatekake.” Pak Kadhes ngendika aris. “Aku wis nyiapake bantuwan beras murah, suk Kemis, minggu iki wiwit diadani, saben kulawarga entuk jatah sepuluh kilogram beras kanthi rega Rp1l.000,00 sekilone. Durung maneh minggu ngarep Depsos lan Pemdha arep paring paket sembako kanggo para warga sing kesrakat.”

“Sembakone niku napa mawon, Pak?” pitakone sawijining warga.

“Saben paket isi gula pasir telung kilo, teh rong iji, lenga goreng saliter. Kuwi mau nek disetujoni warga, mengko mundhak kolusi, nepotisme. Hiya apa ora?”

“Nek ngaten kula ndhaftarake, Pak!”

“Kula enggih purun, Pak! Kula! Kula!” swarane para warga rebut sora.

Pak Prono manggut-manggut, dene warga kang dhemonstrasi

5