Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

wis bisa diendhakake. Ora galak kaya dhek mau. Ndeleng kahanan mangkono, Prabowo lan kanca-kancane kaya-kaya kelangan bala. Mula dheweke banjur nyandhak mikrofon, tembunge, “Sedulur-sedulur, paket sembako kuwi cacahe winates. Ora kok banjur sampeyan mesthi oleh bageyan. Paling-paling sing oleh ya kerabate pamong desa. Ampun seneng-seneng riyin, niku mung ngge yem-yem, lho.”

“Aja kuwatir wargaku kabeh, aku wis prentah marang Pak Kadhus supaya ndhaftar. Endi sing pancen bener-bener mbutuhake. Aja nganti bantuwan mau salah alamat,” ngendikane Pak Prono mantep, “saiki sedulur-sedulur rak wis cetha ta dhodhok selehe. Mula ayo dibubarake, kabeh isih duwe tanggungan, ta?”

“Inggih, inggih Pak Kadhes.”

“Lha, yen bubar, saiki kowe kabeh dakwenehi bebungah kaos kang mung prasaja. Ning ya sacukupe. Upama ora komanan, ya sesuk- sesuk maneh yen isih ana ragade.”

“Nggih... nggih! Matur nuwun Pak Kadhes. Trima kasih, Pak!” Hidup Pak Kadhes! Hidup Pak Prono, Bapak kita!”

Para warga bubar kanthi oleh kaos mawa tulisan “PRO REFORMASI”.

Mung kari Prabowo lan kancane loro, Kiran lan Prapto. Burangsa gela dene anggone gawe ada-ada sida wurung.

Pak Prono mriksani nom-noman telu ing ngarep bale desa mau isih padharembugan, banjur dicedhaki.

“Lho, Mas, ora kondur? Apa isih ana kang ditunggu?”

“Boten, Pak!”

“Oh, iya. Iki kok isih ana kaos. Apa arep dikersakake? Ning mung kari loro. Apike nggo Mas Kiran lan Mas Prapto. Yen Mas Prabowo rak mahasiswa. Kaose ora mung kelas kodhen,” ngendikane Pak Prono.

“Matur nuwun, Pak?” Kiran lan Prapto nampani kaos, nuli noleh marang Prabowo sing mung mesem kecut karo manthuk sajak alot. Raine abang dluwang.