Kaca:Panjurung.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Sedulur-sedulur, sing sareh ... nyebar godhong kara. Ana wi gati apa, gene ana rame-rame iki?” ngendikane Aris ngemu daya pangaribawa.

“Berantas nepotisme. Basmi kolusi dan korupsi dari Karang- waru!” pambengoke warga saur manuk.

“Iho... lho... Iho, apa ing kene iki ya ana nepotisme? Ayo saiki omong sing cetha, nganggo bukti, ora waton sulaya! Salah siji makili omong, sapa?”

Prabowo maju, megafone dicangklong. Wong-wong padha surak- surak. Dheweke adu arep karo Pak Prono.

“Tulung Pak Kadhes dinalar dengan jujur, kadhesnya Pak Prono, sekdhesnya adik Pak Prono, kaurnya kerabat Pak Prono. Apa ini bukan bukti nepotisme?” :

“Sik to, aku daktakon marang sedulur-sedulur kabeh. Bener Pak Narto kuwi adhiku, Pak Gito kuwi ponakanku. Ning biyen sing milih sapa?

“: Apa mung aku lan kulawargaku, thok?”

Wong-wong meneng klakep, nuli pating gremeng. Yen digagas kok bener ngendikane Pak Kadhes, manawa sekdhes lan kaur pemerintahan biyen isih nganggo cara coblosan. Pak Kadhes ngendika maneh, “Nah, yen carane cetha ngono kuwi, apa ya aran nepotisme, ta? Nepotisme apa dudu ngono kuwi?”

“Sanes!” para warga nyauri pating cruwet.

“Kolusi apa dudu yen perkarane ngono kuwi?” pitakone Pak Prono maneh.

“Sanes, Pak!” pambengoke warga saya rame.

Prabowo lan kanca-kancane pating thinguk, rumangsa kalah prabawa karo Pak Prono, Banjur reka-reka golek-golek ukara liya.

“Cobi, Pak. Jaman sakniki niku jaman susah, jaman larang pangan. Rakyat sengsara, lha kok ndadak ngelar-elarake dalan, gotong-royong barang.Niku napa pas? Weteng ngelih, arep tetuku ora duwe dhuwit. Kok dikuya-kuya kerja bakti. Hiya ora sedulur?”

Pak Kadhes mung mesem krungu pitakonan mau. Dene wong- wong pating cruwet werna-werna. Swasana saya tambah gayeng bareng padha surak-surak.

“Bener, bener kuwi, Mas. Weteng ngelih kok dikuya-kuya. Prentah gampang. Sing nglakoni rak setengah mati.”