Kaca:Panjurung.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Lahan Subur, lan sapanunggalane.

Pak Prono kaget teka ana unjuk rasa mau, dene tanpa ana bribikan apa-apa. Kok warga banjur nglumpuk ing bale desa, tur isine rada sengit marang dheweke. Gek iki mau kabeh sapa sing ada-ada. Kamangka gajege Pak Prono ora tau duwe prekara karo para warga.

Prabowo mempeng anggone orasi, nganggo megafon dheweke tansah gawe ukara kang rada panas lan ngabangake kuping.

“He, sedulur-sedulur! Setuju ora yen desa Karangwaru tercinta iki kudu direformasi?” 5

“Setuju! Cocok, ra kena dinyang!”

“Nek ana kolusi kepriye?”

“Kolusi dibasmi!” wangsulane massa kuwi.

“Nah, yen ana korupsi?” ;

“Sing korupsi digantung! Omahe diobong, setuju?”

“Setuju satus persen. Horeee! Horeee!”

“Apa sedulur-sedulur mathuk karo nepotisme?”

“Ora sudi, ora doyan, kudu dipateni!” Wong-wong padha pating cleblung werna-werna. Mangka jan-jane wong-wong kuwi ora ngerti karepe, ana sing ngerti ya mung siji loro. s

Kahanan ing bale desa saya rame. Pak Kadhes lan perangkat desa Karangwaru isih ana njero kantor. Polisi dalmas lan anggota Koramil sing wis mencium bakal anane dhemonstrasi ing desa Karangwaru wis

“ siyaga, aja nganti ana dahuru sing kliwat wates. Wong-wong kang ana bale desa saya suwe saya akeh.

“Tolong Pak Kadhes, sampeyan kudu ngrungokake swarane warga. Ora mung turu, Warga ki ngelih, beras larang. Aja mung bisa dhawuh!” Pambengoke nom-noman nganggo kaos lorek kang banjur disauri swara-swara sengak, “Metu Pak Kadhes, ayo omong endi programmu. Ora mung ndableg. Kadhes gombal, ora kalap.”

“Endi Kadhese? Ayo keluar! Apa bale desa iki diobong?” cluluke salah sawijining warga, banjur ditanggapi kancane.

“Hiya ayo diobong wae, dibakar wae, berantas KKN!”

Ora antara wektu, Pak Prono metu saka kantor bale desa, kaapit dening polisi pasukan dalmas. Panjenengane ngagem setelan safari coklat, nyedhaki mikrofon kang wis kacawisake.

3)