Kaca:Panjurung.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Ora, sing kokarepake kuwi sapa? Kok sajake ki le rada serius,”

Kiran nanggapi karo nyumet udud.

“Wahjan, kowe kuwi RTD, ra tau dhong. Sapa meneh nek dudu Kadhese Prono,” celathune Prapto.

“Bener, bener. Ora kleru kowe, Prap!” Prabowo saya ngububi kanca-kancane.

“Coba gagasen, ta. Sapa isine bale desa kae? Narto, sekdhes kae rak adhine Pak Prono. Ponakane, Gito, dadi Kaur Pemerintahan. Kuwi rak nepotisme, ngono kuwi mau marakake kolusi. Tundhone korupsi alias KKN. Saiki ora jamane.”

Kancane padha mangsuli, “Jamane kudu dibrastha, direformasi.”

Prabowo sarombongan sarujuk yen Kadhes Prono kudu didhemo. Mula banjur kangsen-kangsenan, nganggo srana karma binandhung. Kabar mau cepet sumebar ing desa Karangwaru. Pancen Prabowo banjur ndhapuk seksi-seksi, kaya ta seksi penggerak massa, seksi golek dana, seksi gawe pamflet, lan sapanunggalane.

Dhasare bocah lantip tur mahasiswa pisan, apa rembuge ya banjur disengkuyung kanca-kancane. Apa kang diomongake Prabowo kuwi yen digagas kok ya ketemu nalar, KKN ing desa Karangwaru kudu disingkirake.

“Wis ya, Ca. Saiki bubar, andum gawe. Mengko bengi nyang ngomahku. Persiapan sesuk-esuk, pokoke nglumpuk jam 09.00, thit!” pambengoke Prabowo.

“Beres, beres, Mas! Rak ora nganggo jarah-jarahan, ta?”

“Huuus, ora genah. Arep njarah watu, pa?” wangsulane Prabowo karo nyikut Bayu.

Temenan, esuke dina Senin nom-noman desa Karangwaru wiwit esuk wis pating dlidir menyang bale desa. Ana sing nganggo montor, nganggo colt, lan ana uga kang mlaku. Ora mung bocah enom, ana uga wong tuwa, saya maneh bocah-bocah cilik.

Udakara jam 12.00, wong-wong tumplak blak ing latar ngarep bale desa. Lungguh ing latar karo ngathung-ngathungake pamflet lan poster-poster kang unine mangkene: Warga Karangwaru Emoh KKN, Nepotisme Dudu Carane Wong Karangwaru, Kami Perlu Beras, Turunkan Harga Sembako, Kadhes Pelit Rakyat Menjerit, Warga Lapar di Tengah

2

NA AP” In