Kaca:Panjurung.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

WEH


“Wis, ayo bali!” Swarane Heru nggugah mripatku. Aku banjur melek. Melek tenan. Ing sangarepku ngadeg nggejejer Heru lan Santi.

“Kondur, Mas, wis rampung, kok!” celathune Santi kenes, kaya adat sabene. Eseme isih manis ora kecut, kaya-kaya ora mentas ana prastawa apa-apa.

Edan tenan bocah iki! Gedhene semene, lagi tumon saiki, konangan anggone nyolong lha kok ora isin utawa wedi. Apa saben dinane mangan bung, tundhone raine gedheg?

Aneh! Apa dheweke ora krasa salah tumindake mung dienggo samudana? Sanajan sajatine ya isin, mung pinter anggone nutupi rasa? Batinku kebak pitakonan lan uneg-uneg.

Nganti meh sesasi anggonku mikir, ning tetep ora ana jawabe. Mula luwih becik dakputuske wae,

“Wis Jeng Santi, sesambungan iki dakpungkasi semene dhisik. Ora perlu takon apa sebabe. Panjenengan mesthine wis ngerti dhewe. Aku ora perlu njlentrehake,”

| Cekak 205, ning mujudake keputusan sing tegas. Senajan atiku isih tresna, nanging nggo ngapa katresnan iki dakterusake yen sing ditresnani wae nggone wirang? Ora ana sembulihe.

Aku ora selak, katresnanku sing wis ngrembaka, ora bisa ilang ngono wae mung merga kesalahan, Sesambunganku sing wis tetaunan dakjaga nganti ati-ati, muspra ora ana kasile. Bubar pangimpenanku. Ilang pangarepanku.

Kanggo nglipur atiku sing kuciwa, aku nuli seneng maca. Judhul buku sing narik ing katalog wis daklalap entek. Apamaneh literatur sing wajib dakwaca.

Ora krasa telung taun wis kapungkur. Sajroning iki mung buku panglipurku. Nganti sawijining dina, aku maca buku dienggo bahan wacan “studi kasus”. Ing kono solah bawane uwong sing ora wajar dibabar. Salah sijine wong sing duwe kekarepan nyolong sing ora bisa dipenggak. Anehe, sawise nyolong duweni rasa marem ing batin. Lha menawa dipenggak, batine ora marem, krasa ana sing kurang. Kamangka, wong nyolong sing baku ya merga butuh. Yen butuhe kurang ya nyolong meneh.

Aku banjur kelingan tunanganku. Biyen dheweke dakpedhot amarga seneng anggone nyolong. Ndeleng gejalane tumindake, kalebu

146