Kaca:Panjurung.pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Saiki kowe apa isih ora percaya? Yen isih, ayo melu aku!” guneman mengkono karo sisan nggeret tanganku. Aku banjur diglandhang wae. Ora ngrewes rambutku sing awut-awutan merga ora kober jungkatan. Ora ngrewes jeans-ku sing belel lan stelan klambi sing isa “muni” aliyas pating klinthing. Isih ditambah kisruhing rupaku. Komplit wis!

Sadalan-dalan gang sing dakliwati, tangga teparo padha gumun, geneya eret-eretan! Gek apa sing direbutake kuwi, mangkono panyakrabawaku meruhi Bu RT. sing leren anggone ndulang putrane mung saperlu ngawasake aku, Uga Pak RW anggone mirsani nganti anguk- anguk cendhela. Adhuh, kaya ngapa isinku!

“Sik... sik, leren sedhela dhisik, Ru!” usulku karo lungguh ing buk pinggir lurung, Embuh merga apa sikilku karo rasane abot dakenggo jumangkah, kaya ana wesi sing nggondheli.

“Wis ayo, mengko selak telat!” wangsulane karo narik hemku. Dheweke wis ora ngrewes ambeganku sing isih ngos-ngosan.

Ing kantor administrasi Indah Dept. Store, ana sawijining kenya sing nembe diinterograsi. Kenya mau pancen memper Santi. Rambute, pawakane, wis ora wing-wang. Atiku banjur dheg-dhegan ora karuwan. Nanging sanajan kahananku mengkono, aku isih nduweni pangarep-arep, muga-muga wae apa sing dikandhakake Heru ora kasunyatan amerga mung salah deleng,

Daksawang saka mburi. Embuh apa merga sesambungan batinku sing kuwat, apa merga apa, kenya kuwi kaya dihipnotis wae. Dheweke mengo, noleh nyawang aku. Welha gandrik! Kenya kuwi pancen Santi.

“Wis, kae dimatke sing nganti mat tenan, Santi apa dudu!” akone Heru semu ngece.

Aku ora bisa wangsulan apa-apa. Lambeku kaya kekunci. Dhengkulku pepes. Ilang otot bebayune. Aku lemes banjur dheprok ana pinggir tembok.

Mripatku melek ning ora weruh apa-apa. Nganti prakara kuwi wis dirampungke, Saka pratikele Heru, rampung kanthi dhamai ora ana buntute. Beja aku lan Heru enggal teka ing papan kono. Telat sadhela wae prakara kuwi bakal diterusake menyang sing berwajib. Terus kaya ngapa wirange Santi?

145