Kaca:Panjurung.pdf/161

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

gejala Weptomania, kaya sing dakwaca.

Dheweke pancen tau crita yen rikala isih cilik bapakne diajar wong kampung merga konangan anggone nyolong. Dheweke meruhi dhewe anggone ngajar. Miris, njalari tatu ing atine ora bisa ilang. Yen ngono, anggone nyolong amarga pengalaman sing kapendhem sing natoni batine, trauma psikologis?

Kena ngapa aku biyen grusa-grusu, ora mikir dawa? Pikiranku cunthel, cupet wektu kuwi. Ora bisa nggelar, ora bisa nggulung. Saumpama Ora grusa-grusu, rak ora kaya ngene kedadeyane? Saiki embuh ana ngendi papan dununge Santi, amarga kawit dakputus kae dheweke banjur ora katon neng fakultase, Aku krungu yen pindhah menyang kutha asale, Yen dakgoleki, omahe ndesa banget. Numpak kendharaan wae ambal kaping lima. Durung mesthi ketemu. Yen dheweke golek gaweyan ing kutha liya? Wah .., nanging aku kudu ketemu sanajan mung njaluk pangapura.

147