Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca
REFORMASI
Adhimas Y.R.

Jaman saiki kuwi pancen jaman wis bubrah tatanane. Endi sing bener lan luput angel dibedakake. Barang sing luput nanging yen disengkuyung wong akeh wis dianggep bener, Dene barang sing bener nanging tanpa ana panyengkuyunge wong akeh ya dianggep luput, Harak tobat, ta?

Coba yen digatekake. Ing saben koran mesthi ngemot bab dhemonstrasi, unjuk rasa, bab larang pangan, reregan saya mundhak. Ning apa asile? Reregan panggah wae saya edan-edanan, Sing rekasa bola-bali wong cilik, ongkak-angkik. Prahara larang pangan isih katambahan reformasi babagan sosial-politik. Ora mung presidhen,menteri, gubernur, utawa bupati,nganti tekan lurah wae didhemonstrasi, diogrek- ogrek, dicubriyani! Kahanan mangkono ora mung mapan ing kutha gedhe wae. Malah ing desa-desa uga wiwit horeg bab reformasi, Kaya dene kang kadadeyan ing desa Karangwaru, sisih kulon kutha Ngayogyakarta, udakara 10 km. Dina kuwi, Minggu, wong-wong padha gotong-royong ndandani lan ngelarake dalan. Sawenehing rombongan bocah-bocah nom- noman padha leren sinambi ngombe wedang lan udud-ududan. Prabowo, sawijining mahasiswa, wiwiti uluk-uluk ngajak nom-noman Karangwaru supaya ngadani unjuk rasa.

“Priye, Ca, awake dhewe iki. Saiki kuwi jamane keterbukaan, Ning awake dhewe ki rak mung diwayang-wayangake, ta?”

“Keterbukaan ki apa ta, Wo? Aku ki rak ora mudheng,” panyahute Kiran.

“Keterbukaan kuwi tegese sakabehing bab kudu cetha, transparan, ora kena cara slinthutan, sesidheman,”

Prapto urun rembug, “Lha njur awake dhewe kok diwayang- wayangake kuwi nalare piye?”

“Sampeyan kabeh iki saiki kerjabakti. Aku mbedhek weteng sampeyan ngelih. Nah, sing dhawuh kerjabakti rak beda. Pokoke asile apik, kena nggo lapuran nang pendhuwure mengko rak oleh pangalembana.

Iya ta?” Prabowo mangsuli.

1