Kaca:Panjurung.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

PANJENENGAN INGKANG KULA PADOSI Is Sardjoko

Minarni sewengi ora bisa turu, ngrasakake larane ing sakojur badane sing rinasa mundhak saya abot. Wis rong Minggu dheweke ngaleleh ing dhipan jroning gudhang, dhewekan. Mangan lan ngombene disangga juragane. Lagi wae mak ler ..., bisa ngremake mripate, mak jeglek lawang dibukak ngeget saka njaba. Bu Candolo mlebu. Tanpa ana rasa welas dheweke takon.

“Minar! Sida kapan kowe ninggalake papan iki? Kene iki dudu rumah sakit, dudu losmen gratis! Wis telung sasi kowe ana kene ora bisa namj>a tamu, njur rong minggu kowe mung turu mangan ana gudhang iki. Aku, Nar, aku sing ora bisa ..., rugi!” Kandhane Bu Candolo karo malang kerik.

“Kula taksih sakit, Bu. Kangge mlampah kemawon taksih dereng kiyat. Kula semados sedinten kalih dinten malih, menawi sakit kula sampun radi entheng.” Wangsulane Minarni karo ngiyes-ngiyes nahan larane.

“Ning tenan lho ya kandhamu, sacepete kowe kudu enggal lunga saka omah iki.” Jenggleng ..., Bu Candolo metu karo mbanting lawang.

Sapungkure Bu Candolo, Minarni bisane mung nangis. Kejaba nangis merga larane kumat, uga atine kelara-lara. Nangisi nasib uripe sing cengkah karo gegambaran dhek semana.

“Dhuh Gusti, kawula nyuwun pangapunten, Kawula titah dosa, gesang kawula kebak ing kadurakan. Kawula nyuwun kiyat, nyuwun mantun saking sesakit kawula, Gusti, menawi sampun mantun, kawula sagah ndandosi gesang kawula malih. Gusti ..., nyuwun kawelasan.” Minarni eling sembahyang, eling marang Gustine sing wis lawas ditinggalake.

Dina esuke, sawise diwenehi sarapan, kanthi sempoyongan Minar nata sandhangane, mas-masan lan dhuwit dilebokake ing tase. Atine wis manteb yen esuk iki dheweke bakal lunga. Risi karo Bu Candolo sing wis bola-bali anggone nundhung. Niyate arepneng Rumah Sakit dhisik sowan dr. Budi, dokter lengganane, saperlu nyuwun obat, bubar kuwi lagi mikir sapa-sapa mengko sing bakal dijujug. Bapak embokne wis ora ana, kari

112