Kaca:Panjurung.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Anu, Bu, piyambakipun nemu SIM, STNK, kunci griya lajeng dipunaturaken ingkang kagungan, lakok malah digebug ngantos gegar otak.”

“Lha, kok digebugi?”

“Lha ingkang kecalan barang-barang wau bibar dipun jembret, mila Pak Budi rekanipun damel sae malah dipunkinten jambretipun.”

“0, wong dha edan tenan sing nggebugi kuwi.”

Novita banjur gage-gage anggone nandangi gaweyan ngomah. Meneri dina kuwi dina minggu. Rampung mberesi gaweyan ngomah, Novita banjur pamit bojone arepniliki Budi.

“Anake ora dijak?” Pramudita takon.

“Tilik wong lara kok ngajak bocah,” wangsulane Novita karo nyetater sepedha motore.

“Yoh, ndang mulih lho, mengko awan aku badminton!”

Tekan rumah sakit, Novota kaget. Ing sandhinge Budi kang gumlethak ora eling, jumeneng Mas Roman seniore Novita kang tumeka saiki isih sok gawe kisruhe atine Novita.

“Mas Roman?”

“Ita?” “Iki sapa sing lara?” pitakone Roman. “Kancaku nunggal kantor.”

“Maaf It, aku sing salah.”

“Kowe sing salah?”

“Iya, takkira jambret, mula banjur takgebugi wong sakampung.”

“Oh, Mas Roman. Jebule kowe ya brangasan, tujune ora sida dadi bojoku.”

Roman mung meneng wae. Wong-wong kang padha nyipati kahanan mau padha pating dlongop. Ora ngerti critane.

Bareng wong tilik wis saya suda, Roman uga wis lunga. Novita nyawang pasuryane Budi karo nangis. Lambene ndremimil ngudarasa.

“Mas Budi, aku gela duwe bojo Pramudita, lan gela tepung Mas Roman, jebule wong loro gemblung kabeh. Apa wong lanang kabeh ngono? Apa Mas Budi uga ngono? Ora yen Mas Budi aku percaya ora. Ora!

Oraaa ...!” Novita njerit-njerit histeris. Wong-wong banjur padha pating

105