Kaca:Panjurung.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

“Pak Budi, aja tok bacutake anggonmu ngendika. Aku wis ngerti apa kang bakal Pak Budi bongkar ing ngarepku.”

“Yen ngono maaf ya, Bu.”

Pak Budi banjur bali lungguh ing papane lan sibuk ngetik laporan. Novita uga nerusake anggone notal dhuwit kang metu sajrone sasi agustus 1998. Bola-bali Budi nglirik Novita kang katone anggone nyambut gawe rada ora jenjem.

“Yen kesel leren dhisik ta, bu?”

“Kok pak Budi nggatekake aku terus ta?”

Budi pringas-pringis kewirangan.

“Saiki awake dhewe wis padha tuwane Iho, kabeh kudu dijaga aja nganti ana sepasang rusa dilanda asmara, muni ngono karo menjep.

“Na, tenan ta?” Budi nyaut.

“Tenan apane?”

“Tenan yen ing njero atimu sejatine isih ana kembang sajroning pot kang kuncupe apik.”

“Embuh ah, wis Pak Budi aja pisan-pisan nyenggol perkara kuwi maneh,” karo ngendika mangkono Novita ngadeg, nyat karo nggawa laporan kang wis digawe saperlu disumunake teken kepala kantore.

kakak

Tekan ngomah, Novita awake lungkrah ndadak. Nyawang kumbahan numpuk sagunung, ruwang tamu patng klarah, durung mangsak, anake sing cilik rada rewel, Pramudita malah mung sekak ana pos perondhan.

“E, ya wis dadi bejane awakku, duwe bojo marga ngeman wong tuwaresikone aku kudu gelem dadi korban,” grenenge Novita karo nyambi ngicéki kumbahan.

Novita gemeter lan kaget nalika esuk-esuk ana kabar, Budi, kancane nunggal kantor mlebu rumah sakit.

“Pak Budi lara apa?”

“dipun-gebugi tiyang nembelas, Bu,” wangsulane tukang kebone kang diutus kepala kantore supaya ngabari Bu Novita.

“Oh, lha ngapa?”

104