Menyang kontèn

Kaca:Panjurung.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Bapak kang meksa aku, marga bapak isin yen aku ora ndang payu rabi. Mangka bapak lan ibu ngerti yen aku wis duwe pilihan kang becik aten- atene!” wangsulane Novita mbeberake,

“Yen ora tresna kena apa kowe gelem dakkon rabi karo pramudita, It?”

“Jalaran aku ngeman wong tuwa pak, bapak nate ngendika yen bapak ora bakal awet urip yen aku ora gelem dipek bojo kebo budheg iki, Pak!”

“O, dadine...” sambunge bu Harsono.

“Aku rabi mung ngeman lan ngemong wong tuwa!” sambunge Novita cepet.

Pak Harsono lan garwane banjur padha meneng. Eluhe dleweran. Samono uga Pramudita. Pramudita dadi kaya wong bingung. Pak Harsono banjur nggandheng Pramudita diajak nyingkir. Novita uga banjur mak klepat, embuh lunga menyang ngendi.

kokok

Rumah tanggane Novita tumeka. saiki durung katon bahagia. Nadyan anake wis loro. Nanging sesambungane ora katon ngresepake. Kahanan ora ngresepake mau cetha banget yen nyawang pasuryane Novita. Ing sadina-dina pasuryane Novita katon yen ndhelikake wewadi kang kudu diudhari. Nanging yen Pramudita tetep tepes wae dhasar pancen duwe watak ndableg, cuwek, ora gagasan, lan mung mikir butuhe dhewe.

“Piya bu kabare mas Pram, rak ya apik, ta?” pitakone Budi kancane nyambut gawe nunggal kantor karo Novita.

“Ya wis dianggep apik ngono wae, yen tak kandhakake aka mundhak dadine ala, jalaran aku kudu njaga rumah tanggaku, marga anakku wis loro.”

Budi kang nalika isih bujang mate arep nyelehake saronce kembang ing pote atine Novita, nanging durung nganti kembang ditancepake kahanan kang ngudokake Novita rabi teka, unjal ambegan.

“Pak Budi aja melu mikir aku mundhak ora becik”

“Ora bisa, Bu, marga ...”

103