Kaca:Panjurung.pdf/113

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kaca iki durung katitiwaca

kaya wong umbaran ing pereng gunung. Hemmm,” ngono grenenge Pak Kadhes Warno, tanggane Pakdhe Marta, nginceng lelakon serik iku ing petengan.

“Karo dene, “bapak” kuwi, apa dudu wong lanang, ta?” Mosok kok olehe ketok wedi banget. Ingatase wong lanang kuwi panggonane talak, teka kaya ngono sikepe. Gedheya sagajah abuh, ingatase wong wedok wae duwe kekuwatan sepira? Timbang banjur kontrang-kantring kaya wong pengung ngono, mbok ditabok apa digejoh cengele “ibu” sing rusak cangkeme iku. Ben ora ndedawa wirang kaya ngono.”

“Pancen wis kondhang kok, bapake” dhewe iku kalah karo “ibu”. “Kejaba kae mosok “bapak” kuwi ora duwe pikiran. Jarene dheweke kuwi sarjana. Mosok ora bisa nguwasani sing wedok. Arepa salahe kaya ngapa, arepa wis ana peraturan PP 10, sing menangake wong wadon, nanging yen nganti kliwat takeran ngono iku kejeme wadonane iya perlu diwenehi pengajaran. Apa iya wong wis salah, kudu terus dikuya-kuya ngono?”

“Delengen kae, 0 alah huk-huk-huk .., mesakake “bapak?!”

Wong-wong wadon padha nangis ngguguk weruh kahanane “bapak” sing memelas iku. Dheweke kepeksa mondhong sepatune karo mlaku, ngithing lakune “ibu” marani sepedhah montore.

“Ora susah dienggo sepatune, Awas nek kok enggo!” ngono pangancame “ibu”, pisan iki “bapak” wani semaur. Senajan swarane persis kaya kaki-kaki sing wis telung dina ora nyeret.

“Lah njur piye ta, bu?”

“Rak piye-piye. Pokoke pondhongen terus nganti tekan ngomah.”

“Bapak” manthuk loyo. “Ibu” banjur nylingkrik ing sedhele sepedha montore, Ora kangelan, awit “ibu” menganggo sarwa lanang.

Clanan, heman, lan nganggo sepatu lars. Dhasare potongane atletis, dadine ketara pideksa. Nanging ing mripaté wong-wong sing lagi nginceng anane prastawa iku, gagahe “ibu” iku malah nukulake pangigit-ipit. Umume wong-wong iku padha ngemanake kawibawane “babak”, sing dirusak dhewe dening “ibu” kuwi.

“He, he. Ayo dha bubar. “Ibu” kuwi mengko mesthi liwat dalan

kene.” Pak Kadhes menehi komandho klesik-klesik marang wong-wong

99