Kaca:Panjurung.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

sing padha laku dingkik iku. Sakala wong-wong desa iku padha bubaran. Sarehne olehe singitan ana ing grumbul lan seserutan sakubenge omahe Pakdhe Marta. Sanajan ngati-ati olehe mlaku, meksa keprungu kumrasaking kekayon diterjang dening awak-awak mendhosol.

Mesthine “ibu” iya krungu swara pating kreseg kuwi. Nanging sarehne kupinge wis kadhung dicawisake kanggo Ermawati lan kanggo “bapak”, swara-swara iku ora digape. Tujune Ermawati sakulawarga ora ana sing wani cumuwit. Saupama siji wae ana sing semaur, kahanan mesthi selot rame. Saya maneh yen “bapak” uga tumanggap rembug. Papan kuwi mesthi banjur kaya jaratan.

Esuke rame swarane wong padha nggunem kahanane “bapak”. Olehe mondhong sepatu lan olehe klunthuk-klunthuk nuruti pakone “ibu” sing lagi histeris, dadi underaning rembug sing paling gayeng. Wose pacelathon kabeh padha nyalahake “ibu” sing ora bisa nahan ati.

“Tibake piyayi kuwi iya ana sing kaya pidak padarakan carane tukaran.”

“Piyayi harak iya menungsa, ta?”

“Ning nek “ibu” dhek mau bengi kuwi yen kebangeten tenan lehe ra ngeman prajane.”

“Sakrunguku cen wis suwe “ibu” kuwi ra ngeman prajane. Coba .

pikiren! Ingatase dadi ibune wong sakalurahan, Iha kok isih dhemen ngumpulake cah-cah enom ing daleme. Malah omben-ombenan barang. “Bapak” sing pagaweyane numpuk lan utege nganti meh pecah nggo mimpin uwong, nggo nindakake tugas, mung trima diemblegi wae.”

“Iya, malah aku weruh dhewe. Nalika “bapak” dhong dhahar, ibu mesthi ora nunggoni. Kosok baline malah ngisi teka-teki silang karo cah eneom-enom barakane Gunawan. Pantes ora ngono kuwi?” Ngono pitakone Yu Juminah kang tau ngabdi “bapak” dadi juru adang, suwene rong wulan.

Rapat ing dalan kang dianakake dening wong-wong nganggur kang sibuk ngrasani liyan iku mutusake, yen “bapak” lawas-enggale mesthi megat “ibu” lan kawin karo Ermawati, kekasihe kang wis suwe dadi bojo simpenan “bapak” iku.

Durung asat idune sing padha rerasan ing pinggir dalan iku, |

keselak ana sepedha motor metu dalan sangarepe wong-wong omong

100