Kaca:Panjurung.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

wis kadhung menga. Arep ditutup maneh, keselak kedhisikan “ibu” nyerang menjero.

Astane “bapak” diglandhang, digawa metu karo muni-muni sakayange. Asu, bedhes, celeng, bangsat, lan isih akeh maneh sing lekoh- lekoh metu pating glogok saka lesane “ibu”. Ora trima swara wae. Astane “ibu” iya melu aktifnendhangi “bapak” sing lagi apes pitung turunan iku.

“Bapak” sing babar pisan ora nduga yen bakal nemoni wirang kaya ngono iku uga babarpisan ora bisa budi. Diseret metu iya manut wae. Ditapuki ora suwala. Diunen-uneni iya emoh males muni-muni. Sajake “bapak” kelingan yen panjenengane iku isih tedhak turune bendara.

Kesel olehe nandangi “bapak”, “ibu” ngeculake astane “bapak” sing nyawang nyicil lega, rada bisa ngendhokake napas. Sing ndingkik padha ujal ambegan landhung. Nanging durung nganti legane ati pantog tekan pulunging maras, wong-wong sing ndingkik iku dikagetake dening swarane “ibu” maneh.

“Jupuken klambimu, asuuu!”

Kanthi gugup kaya kamituwa nyingitake dhuwit pajek, “bapak” bali mlebu ngomah lan nylingker menyang kamar. Metu karo nganggo klambi sajak kesusu.

“Sepatune pisan, bedhes!”

“Bapak” sing wis kadhung dadi wong bodho, bali mlebu ngomah maneh. Metune wis mondhong sepatu, Nanging lagi wae dheweke nyedhaki “ibu”, “bapak” njingkat ngeget. Awake ketara kaku, netrane mentheleng, kaya wong ngadhepi sekaratul maut. Nanging sedhela engkas awake “bapak” sing kaku iku dadi lemes kaya kulupan kangkung, bareng krungu “ibu” muni-muni luwih kereng.

“Kethumuuu setaaan! Endi? jupuken, dhampuuut! Aku ora arep menehi kalodhangan kowe ngeloni lonthe maneh, doboool awas, ya! Sesuk kowe bakal daklaporake Pak Kepala. Ben kowe dipecat. Ben kowe dadi bambungan. Ben kowe dadi cah ngarit. Bedhes!”

“Bapak” mlayu mlebu maneh karo isih mondhong sepatu. Bali metu kethune wis dienggo, nanging sepatune isih panggah dipondhong wae. Ing ngarepe “ibu”, “bapak” iki wis kadhung ora nemu papan.

“O, alaaah, Bu, Ibu. Jenenge wae piyayi. Teka ora bisa njaga prasajane kakung. Najang pegela kaya ngapa, ingatase wong intelek teka

98