Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
86
X. Djurudemung: mung, djuru.
XI. Wirangrong: wirang, mirong.
XII. Balabak: klelep, keblabak.
XIII. Gambuh: embuh, gambuh, djumbuh, kambuh, tambuh.
XIV. Megatruh: pegat, duduk, truh.
XV. Girisa: giris.
Pakon:
  1. Ing Ngéngréngan Kasusastran Djawa djilid I pérangan panutup (bab XX) ana reriptan tembang mawa sasmita warna-warna. Bukaken, watjanen, iḍep-iḍep mbalèni.
  2. Reriptan tembang ing ngisor iki saben telung pada nuli ganti tembang. Golèkana sasmitané! Sasmitané tembang apa ? Tembangna!


Sedjarahé wajang warna-warna.
  1. Sinarkara ing taun Masèhi, sangangatus telungpuluh sanga, Sri Djajabaja kaswarèng, Nata Kediri kasub, kang murwani ajasa ringgit, wajang Purwa sing rontal, ing tembé binangun, Radèn Pandji ing Djenggala, duk ing taun rolas atus dwi dasa tri, sléndro ponang pradangga.
  2. Sinulukan nganggo tembang Kawi, masih abebakal saka rontal, Kudalaléjan Pamasé, ja Lembuamiluhur, Padjadjaran putra Sang Pandji, ajasa wajang dluwang, amarengi taun, rolas atus patang pluh pat, pamburiné Djakasuruh Madjapait, kala angkaning warsa.
  3. Rolas atus asta dasa lan tri, jasa wajang abebakal dluwang, ingaranan wajang Bèbèr, pradangga sléndro wuwuh, rebab praptèng kalané warsi, sèwu tlung atus djuga, putra Sang a-Prabu, Brawidjaja kang kapisan, jékang asma Sungging Prabangkara wasis, kasmaran mulas wajang.
  4. Wektu iku wajang wiwit, mawa tantjeban katjrita, prapta ing djaman kuwalèn, Radèn Patah natèng Demak, karsa ajasa wajang, taun sèwu patang atus, telung puluh luwih sapta.
  5. Djinurungan para wali, Sunan Giri sung sumbangan, wanara anétra loro, Bonang sung ritjikan djaran, déné Sang Kalidjaga, kang jasa kekeliripun, panggah saléndro pradangga.
  6. Taun patblas atus luwih, patang puluh telu kotjap, Radèn Patah Demak bijèn, karsa ajasa gunungan, wajang saja sampurna, wajang Purwa saja kombul, dé wajang bèbèr kawuntat.
  7. Sultan Trenggana ing Demak, jasa wajang tinatah ponangrai, taun sèwu patang atus, lan sapta dasa sapta, duk ing taun patblas atus wolung puluh, ajasa kidangkantjana, rinengga prada rinukmi.
  8. Tumeka angkaning warsa, patblas atus wolung pluh lima nuli, Sunan Girilaja iku, jasa wajang ingaran, wajang Geḍhog