Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
85

sinemangkara suksmadi, pangèsti murwèng sastra.

(Langendrija, Balai-Pustaka).
3. Kasmaran ingkang pinudji, luputa ing ila-ila, dèn dohna tulak-sariké, ngétang sagunging lelembat, kang karèh Goplem ika, demit lit-alit sadarum, pan dédé demit pra radja.
(Serat Kidung).
Pitakon :
Kawuntat, manis, kasmaran, sidji-sidjiné sasmitané tembang apa ?
II. Tulada sasmita ing wekasané pupuh.
  1. Putjung (Wulangrèh, Pakubuwana IV).
    Éwuh temen babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep widjiling basa rahardja.
  2. Megatruh (Wulangreh, Pakubuwana IV).
    Tulisané ing Lohkilmakpul rumuhun, pepantjèn sawidji-widji, tan kena owah sarambut, tulising badan puniki, adja mundur ing pakéwoh.
  3. Sinom (Ardjunasasrabau, R. Ng. Sidusastra).
    Bedhahé nagri Ajodya, para Mantri kèh umiring, ngungsi nèng wukir Dhandhaka, iku tjarita mangsuli, mangkana kang winarni, Rawana ingkang ngaḍatun, anèng nagri Ajodya, sawadya-balanirèki, anggung dènnja pepara anganthi bala.
Pitakon:
Widjiling, mundur, anganți, sidji-sidjiné sasmitané tembang apa?
Ringkesé.
Tembung-tembung kang kanggo njasmitani tembang:
I. Dhandhanggula: sarkara, manis, madu, artati, dhandhang, gula, gula-drawa, gagak, kagakresna.
II. Sinom: srinata, ron-kamal, pangrawit, logondhang, anom, Wèni, muda, taruna, réma.
III. Asmaradana: asmara (kasmaran), kingkin, brangta, brangti, sedih.
IV. Kinanti: kanti, ganḍhèng, kanțhèt.
V. Pangkur: wuri, pungkur, juda-kanaka, wuntat, tembung-tembung mawa wanda „kur”.
VI. Durma: mundur, galak, tembung-tembung mawa wanda „dur”.
VII. Midjil: widjil, wetu, wijos, raras-ati, sulastri.
VIII. Maskumambang: kambang (kumambang), kéntir, timbul.
IX. Putjung: kluwak, untjung, tembung-tembung mawa wanda „tjung”.