Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

87


pradangga pélog kasébut,tanpa danawa-wanara, mirid lakon Radèn Pandji.

 9. Let sawarsa Sunan Bonang, jasa wajang Bèbèr-Gedog akanti, tinabuhan trebang-angklung, iku karan Ketiprak, praptèng taun limalas atus lan telu, Djakatingkir mbangun wajang, mawa kampuh-tjlana komplit.
 10. Amarengi lan pepakem midjil, pakem warna loro, wajang Purwa atanapi Golèk, wajang nawa gegamaning djurit, limalas atus lwih, lima ponang taun.
 11. Tuwuh wajang Golèk tanpa kelir, gamelanè slèndro, Sunan Kudus sing jasa djarènè, kotjap Panembahan Sènapati, mbangun wajang mawi, tatahan pinundjul.
 12. Iku taun limalas atus lwih, patang puluh sitok, nuli elet sawlas warsa manèh. Dèn Mas Djolang mbangun angowahi, tangan-iras dadi, sopakan sinambung.
 13. Sang Srinata ing Mataram, Sultan Agung kang anganggit, wanda wajang sawlas warna, wewidjangè sidji-sidji, Baladèwa narpati, wanda gègèr kang sinebut, wanda gendrèh Sri Kresna, Wanda mangu Sang Djahnawi, wanda rangkung Kusuma Wara Sumbadra.
 14. Wanda djangkung Sujudana, wanda golèk Banuwati, wanda brebes Badranaja, Wrekudara wanda mimis, dè Bagong dèn arani, wanda gilut lamun Pètruk, wanda djeglong ingaran, ratu buta den arani, wanda barong wajang Krutjil katjarita.
 15. Kang jasa Sultan Mangkurat, mirid babad Madjapait, lelakonè Damarwulan, pradangga salendro ugi, angkanè ponang warsi, nemblas atus lima nudju, wajang-wong djumedul ugi, wajang dupara kasebut, sing jasa sardjana solo.
 16. Wajang-wong saja gambuh, wajang Purwa saja ndedel kombul, bareng lawan wajang-wong djumel ugi, wajang dupara kasebut, sing jasa sardjana Solo.
 17. Wajang dapura iku, kang kinarja lakon duk rumuhun, babad tanah Djawa wiwit ana Landi, wajang dupara tan dangu, sirna den emohi uwong. *)
 18. Ketoprak duk djumedul, taun sangalas atus rong puluh, atabuhan lesung lan kentongan tjilik, madju gamelan kalebu, lesung pinegat tan kanggo.
 19. Taun sèwu sangang atus slawè tuwuh, tontonan kang angemperi, wajang-wong ingaran ludrung, mawa lagon purwakanti ing Surabaja kang kalok.

  • ) Sing jasa R.M> Danuatmadja.