Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

84

  1. Namung njenjaḍang sih paduka, winenangna angaras pada = genḍhing Onang-onang.
  2. Duk samana, wajahé wus kapara sanga = sasmita gantining pathet (mentas pathet nenem ganti patet sanga). Unining suluké Sangsaja dalu araras, abjor kang lintang kumeḍhap, titi-sonja tengah wengi ........... (sabandjuré). (1)
  3. Umjang-gumuruh swarané wadya-bala ambereg singa gending Singanebah. Mbereg = mburu, mbeḍag, ngojak.
  4. Duk samana wajahé wis sumirat ndungkap raina = sasmitané genḍing Sumirat. Utawa: sasmita wiwité patet manjura (mentas patet sanga, ganti patet manjura). Unining suluké: Mèh raina semu-bang Hjang Aruna (sabandjuré).(2)


D. Pralambang tumrap ing tembang.
(Sasmita araning tembang).
 Kasusastran Djawa ing djaman kuna, luwih-luwih karangané Pudjangga, akèh kang ngemot prasemon utawa pralampita. Para pangripta ing djaman kuna tjarané meḍaraké tjipta-rasa, lumrahé sinawung ing pralambang utawa prasemon kang angèl ditlusur surasané. Nanging tumrap wong Djawa kang lebda marang kasusastran Djawa, kang landep pangrasané marang éndahing basa Djawa, adaté uga lebda marang ulah-kritlaning pralampita.
 Buku-buku kasusastran kang sinawung ing tembang babaran djaman kuna, prasasat mèh ora ana kang njebutaké djenengé pupuh kanti tjumeplos. Kabèh pupuh utawa tembang, djenengé sinamun ing prasemon kang ing djaman saiki lumrahé diarani „ukara sasmita araning tembang”. Dunungé „ukara sasmita araning tembang” ana warna loro,

jaiku: I. Ana ing bebukané pupuh, isi pituduh djenengé pupuh iku. II. Ana ing wekasané pupuh, isi pituduh djenengé pupuh tjanḍhaké.


I. Tuladha sasmita ing bebukané pupuh.
 1. Mamèt prana rèh kawuntat, kang winangun nalikanira nguni, Sang pra Kawi Wali wolu, mrih hardja wurjèng pradja, pinitaja déra Kangdjeng Sang a-Prabu, Sri Wasésa ing Bintara, pinilala murwèng kawi.
(Lambangpradja, M. Ng. Mangunwidjaja).
 2. Manis-arum sinawung langen sri, sru kawurjan pamudyaning raras, kang mulja pangrèh sarèhé, lir manik mandaja gung, breming rat wus winajang ing sih, sih wigunaning karja, akarja wulangun, wulanguning tama-hardja, hardjèng déja

_____________

(1) Mriksanana katja 117 No. 7.
(2) Mriksanana katja 118 No. 10.