Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
68

 6. Kedjaba ana ing basa gantjaran, sanépa uga kerep tinemu ana ing basa kang sinawung ing tembang. Tuladhané:

KINANTHI.

Tut-runtut kumepjur pulut
jwa nganti benggang senjari
mimba mimi lan mintuna
widadaa slami - lami
tebiha rubed - rubéda
Sang pangantèn kakung-putri.......(Pm).


BAB IX. UKARA SESUMBAR.

Sumbar (sesumbar), ateges: nglairaké tetembungan kang ngemu surasa nantang ngadu tyasa, ngadu kaluwihan. unggul-unggulan karosan, kasektèn lsp. Disumbari, ateges: ditantang ngadu tyasa, ngadu kaluwihan lsp. Njumbari, ateges: nantang ngadu tyasa lsp.

Ukara sesumbar iku lumrahé kautjapaké kanți santak (tarkadhang kawoworan tembung kasar), isi surasa ngepak kagunan utawa kadigdajané wong sing disumbari.

Tuladha:

  1. Jèn njata lanang, metua!
  2. Ngadjak apa, pirang dina, dakladèni !
  3. Ngadjak rupak, apa ngadjak djembar?!
  4. Wah, ora djamak! Sumbarmu kaja bisa mutung wesi gligèn! Kaja lanang-lananga dhéwé! Baja satjengkang mana kulitmu! Madjua, daktètèr kaluwihanmu!
  5. Jèn dakkeḍèpaké ora ilang, dakuntal malang mangsa ngambaha ing tjeṭak (kowé):
  6. . Mlebua menjang lak-lakaning naga, mangsa wurunga karasa ing tanganku kowé !
  7. Ndjerokna djagang, nduwurna kapurantjang! Mangsa wurunga dakgawé karang-abang nagaramu!
  8. Keriga satjinḍhilé abang, tjaweta sawadoné!
  9. Ampjaken kaja wong ndjala, krubuten kaja mendjangan mati!
  10. Adja genti mara, barenga mara, ora-orané daktinggal mlaju!
  11. Madjua sajuta ngarsa, sakeți wuri !
  12. Kopat-kapita kaja ula tapak-angin, kekedjera kaja manuk brandjangan! Daksaut daksabetaké prabatang, sirna ilang kuwandamu.
  13. Tumengaa ing akasa, tumungkula ing pratiwi, sambata mring sudarmamu!