Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
69
  1. Apa kang ana ing kowé, tibakna! Daktamèngi dhadha! (Apa kang ana ing kowé kowé duwé gegaman apa baé).
  2. Apa ora kulak warta adol prungon manawa .... (isiné djenengé wong sing sesumbar) sekti mandra-guna, ora teḍas tapak-paluning pandé miwah sisaning gurénda. Bisa mrodjol ing akerep, bisa mandjing adjur-adjèr, mantjala putra mantjala putri.
  3. Sumurupa! Ja iki agul-agulé pradja (isiné djenengé nagara); tau-taté kramas obat, susur mimis.
  4. Hèh! Ora susah kowé ngungasaké kuwanèn ana ing nagara kéné! Ing kéné enggoné wong sugih kuwanèn. Tjobanen iki! Ja aku suh-djedjeting pradja, sapukawat ing nagara kéné.


Danawa karo satrija.

1. Jèn kena dak-éman, balia!

2. Ora ana gawar, ora ana awer-awer, pagéné kowé ngalang-alangi lakuku?

1. Bener kandhamu, satrija! Nanging sumurupa, endas buta pating djanggelek !

2. Endhas buta daksampar daksanḍung, mangsa wurunga mawut-sirna!

1. Wé hla! Babo, babo! Ora kena ginawé betjik! Wani kowé karo aku?!

2. Jèn wedia, apa sing dakwedèni?!

1. Kalah gedé tinimbang aku!

2. Ora ana satrija nempiling buta ndadak nganggo antjik-antjik.

1. Kalah sekti, kalah djapa-mantra !

2. Ora watak satrija maguru marang buta, kepara ngujangaké !

Ukara sesumbar kerep kamot ing kasusastran kang sinawung ing tembang.

Tuladhané:

I. Putjung. (Abimanjukèrem, M. Soekir).
  1. Sugal muwus, èh si Tirtajuda asu, teka nguman-uman, praduli apa sirèki, memalangi mring wong njudakké tambangan.
  2. Adol gendung, bandjur nantang ngadjak gelut, apa Ranukarja, kokira kalamun wedi, wus sedhengé wong lanang padha lèk sanga.