Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/66

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

67

3. Barang kang disanépakaké iku kaanané ngungkuli utawa ngluwihi kaanané barang (tembung aran) kang kasebut ing wekasané ukara sanépa.

Mripaté krandjang (bolongané) iku kerep banget. Nanging isih kungkulan kereping tatuné Abimanju; utawa: kereping tatuné Abimanju ngungkuli kereping mripaté krandjang (bolongané). Kereping mripaté krandjang ora sapiraa jèn ditanding karo kereping tatuné Abimanju. Sanadjan mripaté krandjang iku kerep banget, marga kungkulan kereping tatuné Abimanju, mripaté krandjang bandjur ditembungaké „arang”.

Madu, rasané manis; mandar manis banget. Èsemé wong kang ngénjutaké, upamané èsemé Rara Mendut, manisé prasasat ngungkuli rasané madu. Marga kungkulan manisé, rasané madu bandjur ditembungaké „pait”.

4. Unèn-unèn kang kalebu sanépa, kajata:

1.   Arang wulu-kutjing.  Kèhing utangé.
2.   Anteng kitiran.  Polahé, rongèh banget.
3.   Duwur kentjur.  Dedegé.
4.   Wuled godong lumbu.  Kulité (ora nduwèni kasektèn).
5.   Atos debog.  Balungé (ora nduwèni kasektèn).
6.   Legi bratawali.  Rasané (ateges: pait banget).
7.   Peret beton.  Rembugé.
8.   Abot merang sebelah.  Boboté.
9.   Kuru semangka.  Awaké.
10.   Agal glepung.  Wudjudé.
11.   Londjong botor.  Plajuné.
12.   Londjong mimis.  Plajuné.
13.   Béndjo tampah.  Wudjudé.
14.   Bening leri.  Tjahjané.
15.   Djero tapak meri.  Kawruhé.
16.   Abang dluwang.  Tjahjané.
17.   Arum djamban.  Gandané.
18.   Abot kapuk.  Boboté.
19.   Sepet madu.  Swarané, pangandikané.
20.   Resik patjerèn.  Tembungé (olèhé ngunèn-unèni).
21.   Sigar semangka.  Pamaroné.
22.   Wutuh ajam.  Wadya-balané.
23.   Renggang gula.  Sesrawungané, tepungé.
24.   Kumepjur pulut.  Sesrawungané, tepungé.

5. Sanépa iku panganggoné tarkadhang disarodja (dirangkep), kajata sanépa „renggang gula” pada karo „kumepjur pulut”, sidji-sidjiné njanépakaké „sesrawungan kang raket”. Kanggo mbangetaké surasa, sanépa loro iku lumrah dianggo bebarengan, dadi muni: renggang gula, kumepjur pulut.