66
II. Tembung krija, kajata: adus, anguk-anguk, lelédhang, ndengèngèk lsp.
III. Tembung watak (kaanan), kajata: lantip, gumendhung, arang-arang lsp.
IV. Tembung wilangan, kajata: wolulikur, sakirna, domas, kapatsasur Isp.
V. Tembung pangiket, kajata: lan, karo, wondéné, nanging, djalaran lsp.
VI. Tembung sesulih, kajata: manira, pakenira, ḍèwèké, adimas lsp.
VII. Tembung sabawa, kajata: lo, toblas, aduh, hus, horé lsp.
VIII. Tembung antjer-antjer, kajata: ing, déning, saka, marang Isp.
IX. Tembung panjilah, kajata: sing, kuwé, mau lsp.
X. Tembung panerang-wasésa, kajata: nedya, lagi, durung, mèh lsp.
2. Tatuné arang krandjang. (Upamané tatuné Abimanju ing madyaning Baratajuda).
tembung aran. Dapukané ukara pepinḍan „arang krandjang” iku kudu adjeg kaja mangkono, liré: ora kena owah, ora kena diganti tembungé salah-sidji. Dadi, ora kena upamané diowahi: arang kurungan, arang ri-durèn, awis krandjang lsp.
Pènget:
- Arang wulu-kutjing, iku uga sanépa. Dudu owah-owahané sanépa „arang krandjang” sarana tembungé „krandjang" diganti tembung „wulu-kutjing”, dudu. Iku sanépa dhéwé kang béda tegesé karo sanépa„arang krandjang”. Béda kang disanépakaké. „Arang krandjang" iku sanépané tatu; wondéné „arang wulu-kutjing" sanépané utang.
- Mesti baé ana sing njebal saka paugeran ing duwur iku, kajata sanépa „pait madu” kena diganti „pait kilang" utawa „sepet madu", tarkaḍang „pait gula” utawa „pait djuruh”. Nanging sing apik déwé (sing luwih kerep keprungu) „pait madu”.