Kaca iki wis divalidasi
65
- Langendrija, jasané R. M. Tandakusuma (djamané M. N. V), mitongtonaké paprangan Madjapait — Blambangan. (Damarwulan — Ménakdjingga). Sing ndjogèd wanita kabèh, mawa antawatjana awudjud tembang. Panganggoné mèmperwajang-wong.
- Langenwanara, mitongtonaké lelakoné Ramawidjaja, sing ndjogèd prija lan wanita, wanitané mung Dewi Sinta lan Tridjața (lan emban sawatara). Pandjogèdé sapérangan gedhé djengkeng. Panganggoné kaja wajang-wong, mung para wanara lan danawa topéngan. Sing ana Langenwanara dèk bijèn ing Ngajodja, sirnané dèk djaman Djepang.
- Pranasmara, kaja Langendrija, nanging ora mung mitongtonaké paprangan Madjapait — Blambangan baé, uga lakon wajang warna-warna. Tjaritané Pranasmara kalebu wajang-gedhog, Langendrija kalebu wajang-klithik; déné wajang-wong kalebu wajang-purwa.
- Topèng, mitongtonaké lakon kang kasebut ing wajang-gedhog, sing ndjogèd padha nganggo topèng.
- Lérok, sing ana dhèk bijèn ing Djawa-Wétan, mitongtonaké gunemané Besut, Man Djamina, mbakju Asmunah sakantjané. Mekaré tontonan Lérok bandjur dadi Ludrug.
- Ludrug, asalé saka ing Djawa-Wétan, sing misuwur dhéwé Ludrug-Surabaja. Mitongtonaké tjarita warna-warna. Nganggo tetembangan, tjakepané tembang adhapur parikan.
- Kethoprak, tuwuhé ana ing Sala (taun 1920), nanging mekaré ana ing Ngajodja. Tekané saiki sing misuwur déwé ija Kethoprak - Mataram. Kethoprak iku mitongtonaké tjarita (dongèng) warna-warna, antawatjanané nganggo tembang lan gantjaran.
- Tajub, ora mitongtonaké lakon utawa tjarita, mung mitongtonaké kaprigelan ndjogèd. Djogèdé wong sing duwé-gawé lan dhajoh-dhajohé, bebarengan karo waranggana (lèdhèk). Jèn sing nganakaké tajub iku wong duwé-gawé mantu, pangantèné lanang ndjogèd disik dhéwé, gendingé Bojong.
Sirnané tajub ing djaman Djepang.
BAB VIII. S A N É P A.
1. Sadurungé ngrembug babagan sanépa, prelu njumurupi dhisik djinisé tembung sapuluh warna, jaiku:
I. Tembung aran.
a. Mawa wudjud: gebjog, adjug-adjug, gegaman lsp.
b. Tanpa wudjud: manisé, kaprawiran, piandel lsp.