Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

34


  1. Pada gedé, dumunung ing wekasané pada, uniné ma ngadjapa.
  2. Pada lingsa, dumunung ing wekasané gatra, utawa we kasané padapala
  3. Pada-kuneng, dumunung ing wekasané padadirga.
  4. Pada pangkat, dumunung ing pedotané tembang Gedé


 25. Tjara panggawéné titilaras.

 Tjara panggawéné titilaras Djawa ana warna loro, jaiku:

  1. Tjara (notasi) Sariswara, jasan Ki Adjar Déwantara. Titilarasé diarani titilaras Sariswara.
  2. Tjara (notasi) Kapatihan, jasan R.M. Wreksadiningrat. Titilarasé. diarani titilaras Kapatihan.


 26. Ing djaman saiki para siswa, botjah botjah wong-wong sing pada sinau nembang lan nabuh gamelan, umumé pada migunakaké titilaras Kapatihan. Wondéné wudjudé titi-laras Kapatihan :

I.Sléndro: 1 2 3 5 6
Pamatjané : dji ro lu ma nem
II.Pélog : 1 2 3 4 5 6 7
Pamatjané : dji ro lu pat ma nem tu

Titilaras iku nggambaraké laras, larasing (wilahan) gamelan, jaiku :

I.Sléndro:

1=Barang. 2=Gulu. 3=Dada 5=Lima. 6=Nenem.

II.Pélog:

1=Panunggul. 2=Gulu. 3=Dada 4=Pelog. 5=Lima.
6=Nenem. 7=Barang.

Prelu disumurupi :

  1. Pélog patet 6 (patet Bem) ora tau migunakaké titilaras 7 (laras Barang).
  2. Pélog patet Barang ora tau migunakaké titilaras 1 (laras Bem).
  3. Laras Tlutur jku sléndro ketjampuran pélog.


27. Tembang pbanembrama.

 Tembung „panembrama” lingeané „Sambrama”, ateges : ngatjarani kalawan hurmat Pangrimbagé „panembrama”(panambrama) = pa + an + sambrama.