Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

35


 Sing dianggo panembrama iku lumrahé tembang Kinanti, nganggo salah-sidjining lagu. Kala-kala ja ana panembrama nganggo tembang salijané Kinanti, kajata nganggo tembang Sinom, Asmaradana lsp. (Ndelenga lagu Sinom ketawang, Sl pt M katja 44).


 28. Kinanti lan Kinanti-djugag.

 Pada-pada tembang, sing laguné akèh déwé jaiku tembang Kinanti, sabab tjakepan tembang Kinanti iku prasasat kena dianggo nggérongi sakabèhé gending; tjotjog karo djenengé „Kinanti” tegesé „ginandèng”, kena digandeng déning gending apa baé (dianggo nggérongi). Djenenging laguné tembang Kinanți pada karo arané gending kang digérongi nganggo tjakepan tembang iku, kajata: Kinanti-Subakastawa, Kinanți-Sandung, Kinanti-Tèplek lsp.
 Kinanti iku saben sapada tjatjahing wandané 48. Wondéné Kinanti-djugag (tegesé Kinanti-tjekak), iku bangsané tembang kang lumrah dianggo nggérongi gending tartamtu, lan kang tjatjahing wandané saben sapada kurang saka 48. Tulaḍané, kajata sing dianggo nggérongi gending Puspawarna, Sitamar-dawa, Langen-gita, Radja-swala lsp.
 Gending kang lumrah digérongi nganggo salah-sidjiné Kinanți-djugag, kena baé digérongi nganggo Kinanti. Tuladané, ndelenga gending Puspawarna katja 57 - 58 !


 29. Tulada tembang warna-warna, petikan saka buku Lagu Djawi lan buku Sariswara.


I. Tembang Gedé golongan Salisir.
1. PUKSARA = 5 x 2 x 2, Pl pt Br.


         .
7  7.  6.  2  7 
Wit- ing ka - mu - ljan,
 . .
7.23  6  6  67  5.653
 —        —    —
ring sa - mèng ti-   tab,


         .
7  7.  6.  2   7
ngegung - na dar- ma,
          . . . . .
567.  7  7.723 2.327
 —      —   —
tres- nèng du - ma - di