Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/32

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
33

V. Garis irama (garis ritme), awudjud garis saduwuré titi-laras utawa titi-pangulur, utawa saduwur bunderan, di- anggo mérang dawaning swara.

VI. Bunderan (das), tanda menenging swara.

VII. Titi-panggantung (fermata), awudjud garis mlengkung mawa titik ing tengahé (djeroné)! dumunung saduwuré titilaras, mratelukake wuwuhing dawane swara manut rasa.

VIII. Titi-undjalar (respirasi)awujud koma saduwure titi-laras kepara manengen, nggambarake sudaning dawane swarané titilaras.

23. Aksara tjekakan.

Aksara tjekakan kang lumrah ‘tinemu ing ‘tulisen tembang, jaiku :

Pl = Pelog

Sl = SLendro

pt = patet

M = manjura

Br = barang

Djin. = djineman

Kadjaba saka iku ama wilangan kang tinulis tjekak, kajata : Tjitramengerg = (6 + 6) x 2 x 2. Iku tegesé mangkéné:

(6 + 6) = 12, maksudé: laku rolas (1 padapala = 12 wanda).

(6 + 6) x 2 = 24, maksudé: 1 padadirga =24 wanda (2 padapala).

(6 + 6) x 2 x 2= 48, maksudé: 1 padéswara = 48 wanda (2 padadirga),

24. Tetenger praboting sastra Djawa.

Tiarita sinawung ing tembang, manawa katulis nganggo sastra Djawa mawa tetenger (pada):

I. Purwapada, dumunung ing wiwitaning tjarita, uniné betjik, maksudé isi pamudji muga-muga wong-wong (sing matja, sing ngrungokaké lan sing njimpeni buku)pada nemua betjik (slamet).
II. Madyapada, dumunung wekasané pupuh manawa isih arep njandak tembang lija (durung tamat), uniné mandrawa, tegesé tangéh utawa adoh (tangéh tamaté).
III. Wasanapada, dumunung ing wekasané pupuh kang kari déwé, uniné iti, tegesé tamat.