Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
32
19. Tjarané nglagokaké tembang.
I. Tembang Geḍé, tembang Tengahan lan tembang Matjapat nganggo irama mardika. Manawa dilagokaké nganggo irama adjeg, kurang luwesé (kurang expressief).
II. Tembang kang binarung swaraning pradangga kudu dilagokaké nganggo irama adjeg lan kudu paḍa karo laras, paṭet lan iramaning pradangga.


20. Tjéngkok.

Tjéngkok iku lak-luking swara kang dianggo nglagokaké tembang.

Tembang iku sanadjan paḍa djenengé, pada laguné, paḍa lasé, paḍa paṭeté, nanging tjéngkoking laguné (lak-luking swara sing dianggo nglagokaké) ing panggonan sidji karo sidjiné, ora kétang saṭiṭik mesṭi ana gèsèhe. Malah wong sidji karo sidjiné, sanadjan nunggal panggonan, tjéngkoké meksa ana bédané. Dalasan nunggal wong baé (wong sidji), nembang mau, nembang saiki karo nembang mengko, sok ana bédaning tjéngkoké.


21. Murih padaning tjéngkok.

Tjéngkok laguné tembang (ing panggonan sidji karo sidjiné, utawa tjéngkoké wong sidji karo sidjiné) kena digawé paḍa sarana ndèkèki titilaras sing paḍa ing tjakepané tembang. Manawa wanda-wandané tjakepan tembang wis mawa titilaras sing paḍa, sanadjan tembang iku dilagokaké déning wong ngendi baé, tjéngkoké mesṭi bisa adjeg, paḍa.

22. Tetenger (tanḍa) kang dianggo ing tembang. (*)
I. Titilaras, awudjud angka kang nggambaraké laras (larasing gamelan).
II. Titi-irama, awudjud garis kanggo njeṭakaké anané sabetan kapisan, kapinḍo, katelu lan sabetan kaping papat. (Saben 1 irama = 4 sabetan).
III. Titi-pangulur, awudjud titik, minangka tanḍa wuwuhing dawané swarané titilaras.
IV. Titi-pangganḍéng, awudjud garis mlengkung (plengkung ligatura) kanggo ngganḍéng titilaras loro utawa luwih kang nunggal wanda.
  • ) Sapérangan peṭikan saka buku Seni-suara Djawa karangané F. Atmadarsana.