Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
155

IV. Bantjak-Dojo mbarang djantur (R. Ng. Sastrasutarma). Isi piwulangé Nini Buta Idjo ing gunung Wilis (pandjanmané Déwi Ratih) marang anaké pupon jaiku Nikèn Bawang (Dewi Ragil Kuning), saduluré Pandji Inukartapati Nata Djenggala.

  1. Ḍuh wong manis rèhné sira nini, wus diwasa katon, datan wurung ing tembé sira nggèr, winengku mring prijanta sajekti, marma dipun-bangkit, suwita ing kakung.
  2. Mungguhé wong suwita mring laki, iku luwih abot, nora kena ngendel-endelaké, warna rupa banḍa lawan asli, pawitané ati, rèrèh ririh ruruh.
  3. Basa rèrèh satindak dèn aris, satanḍuk dèn alon, adja dumèh ingandel lakiné, lamun sira kuranga ngadjèni, nuwuhaken tebih, ring katresnanipun.
  4. Mungguh ririh iku ta sajekti, saudjar jwa doso, saketjap jwa njerik-njerikaké, nadyan sira lagja amarengi, nepsu maring laki, mjang mring lijanipun.
  5. Udjar manis mjang basa basuki, iku anggung kanggo, adja ingkang mring barajat ḍéwé, nadyan tumrap mring lijan jwa kari, iku bisa dadi, gaman luwih ampuh.
  6. Basa ruruh iku ulat manis, lagia karengon, maring laki ladènana sumèh, mjang dèn tadjem djatmika ing liring, poma adja nganti, bléré ing panḍulu.
  7. Iku sirik mungguhing pawèstri, ingaranan mangro, tingal marang prija ing lijané, kèhing ngekèh ajwa anglakoni, tindak kang kadyèki, jwan sirarsa lulus.
  8. Tri prakara iku adja lali, minangka wewaton, mring wanita suwitèng lakiné, baja aran mustikaning èstri, jèn bangkit netepi, kadya kang kawuwus.
  9. Kari sidji poma adja lali, jèn sira lelados, marang prija marengi mangsané, teka lungan lawan tangi guling, jwa binalang liring, peteng mjang mbesengut.
  10. Kena baé nepsu muring-muring, nanging kudu mengko, lawan manèh kabèh sirikané, adja kongsi tinradjang salami, iku djebèng jekti, lulus ing pamutjung.

V. Panitisastra (R. Ng. Jasadipura I), tjarita gantjaran.

  1. Sardjana sudjana boten baḍé saged kasamaran ḍateng adjining kentjana ingkang kalingan djedjember ingkang njenjukeri. Samanten ugi kosok-wangsulipun, boten baḍé kasamaran ḍateng sesuker ingkang winaḍahan ing bèri kentjana pinatik ing sesotya retna.
  2. Jèn panḍita ora ambeg lembah-manah lan narima, bakal disawijah ing saben djanma. Nanging jèn pandjenengané nata ambeg lembah-manah lan narima, nagarané mesṭi direbut mungsuh, entèk.