Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
156
  1. Ngapusi djuru apus boten barang-barang. Malah kosok-wangsulipun: adol temen marang si djulig iku lutju, dadi gegujoné botjah tjilik.

VI. Praniti Wakja (Pametjané Prb. Djajabaja ing Keḍiri).

Djaman iku ana warna loro, jaiku djaman geḍé lan djaman tjilik. Umuré djaman Geḍé 700 taun, djaman tjilik 100 taun. Dadi saben sadjaman Geḍé ana 7 djaman tjilik.

Djaman Geḍé ana warna telu, sidji-sidjiné dipérang dadi 7 djaman tjilik, jaiku:

A. Djaman Geḍé Kaliswara, dipérang dadi djaman tjilik: 1 Kalakukila, 2 Kalabuda, 3 Kalabrawa, 4 Kalatirta, 5 Kala-rwabasara, 6 Kala-rwabawa, 7 Kalapurwa.
B. Djaman Geḍé Kalijoga, dipérang dadi djaman tjilik: 1 Kalabrata, 2 Kaladwara, 3 Kaladwapara, 4 Kalapraniti, 5 Kalateteka, 6 Kalawisésa, 7 Kalawisaja.
C. Djaman Gedé Kalisangara, dipérang dadi: 1 Kaladjangga, 2 Kalasakti, 3 Kaladjaja, 4 Kalabendu, 5 Kalasuba, 6 Kalasumbaga, 7 Kalasurata.

VII. Wéḍatama (K. G. Mangkunagara IV).

  1. Ngèlmu iku kalakoné kanti laku, lekasé lawan kas, tegesé kas njantosani, setya budya pangekesé durangkara.
  2. Angkara gung nèng angga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekeré kongsi, jèn dèn umbar ambabar dadi rubéda.
  3. Béda lamun kang wus sengsem rèh asamun, semuné ngaksama, sasamané bangsa sisip, sarwa sarèh saking mardi martotama.
  4. Durung petjus kesusu keselak besus, amaknani lapal, kaja Sajid weton Mesir, penḍak-penḍak angenḍak gunaning djanma.

VIII. Wulang-rèh (Sunan Pakubuwana IV).

  1. Pameḍaré wasitaning ati, tjumantaka aniru Pudjangga, dahad muḍa ing batiné, nanging kedah ginunggung, ḍatan weruh jèn kèh ngèsemi, amaksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalatèn rinuruh kalawan ririh, mrih paḍanging sasmita.
  2. Sasmitané ngaurip puniki, apan éwuh jèn nora weruha, tan djumeneng ing uripé, akèh kang ngaku-aku, pangrasané sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upajanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.