Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/151

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
154
BAB XXII. PEṬIKAN SAKA BUKU SAWATARA.

I. Serat Wéḍaraga (R. Ng. Ranggawarsita).

 Trusan RONG saptèng lebu (1799), Ki Pudjang- GA pang- gupitanipun, tawi ta- WAR ing surasa tanpa manis, marma, kong- SI karja pému, mung mèt mar- TA karahajon.

II. Sabdadjati (R. Ng. Ranggawarsita).

  1. Ki Pudjangga njambiwara wèh pitutur, saka mangunahing Wiḍi, ambuka warananipun, aling-aling kang ngalingi, angalingkap temah katon.
  2. Para djanma sadjroné djaman pakéwuh, kasudranira andadi, ḍahuruné saja ndlarung, kèh tyas mirong murang margi, kasektèn wus nora katon.
  3. Katuwoné winawas dahad matrenjuh, kenjaraing sasmita, jekti, sanityasa tyas malat kung, kongas welasé kepati, sulaking djanma prihatos.
  4. Walujané béndjang jèn wus ana Wiku, memudji ngèsṭi sawidji (1887), sabuk lebu lir madjenun, galibedan tudang-tuding, anatjahken sakèhing wong.
  5. Iku lagi sirep djaman Kalabenḍu, Kalasuba kang gumanti, wong tjilik bisa gumuju, nora kurang sandang-bukti, sedyané kabèh kalakon.
  6. Panduluné Ki Pudjangga durung kemput, mulur lir benang tinarik, nanging kaserang ing umur, andringkap kasidan djati, mulih marang djatininggon.
  7. Amung kurang wolung ari kang kadulu, tamating pati patitis, wus katon nèng Lochil-makful, angumpul ing madya ari, amarengi ri Buda. Pon.
  8. Tanggal kaping lima antarané luhur, Sela ing taun Djimakir, Tolu Huma Arjang Djagur, Sengara winduning pati, netepi ngumpul saenggon.
  9. Tjinitra ri Buda kaping wolulikur, Sawal ing taun Djimakir, tjandraning warsa pinétung, Sembah Muksa Pudjangga Dji (1802), Ki Pudjangga pamit lajon.

III. Serat Rama (R. Ng. Jasadipura I).

  1. Kukusing dupa, kumelun, ngeningken tyas Sang apekik, kawengku sagung djadjahan, nanging sanget angikibi. Sang Resi Kanékaputra, kang andjlog saking wijati.
  2. Kagjat ri Sang kapirangu, pinengkul kinempit-kempit, ḍuh Sang retnaning bawana, ja ki tukang walang-ati, ja ki tukang ngenes ing tyas, ja ki tukang kudu gering.
  3. Ana ndadak milu-milu, kaja polahé wong tjeplik, lali jèn kalengkaning rat, ing bawana amurwani, mustikaning djagad-raja, ḍemen lalèn sangga-runggi.