Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
148
surud Séda, kurang,
kalong.
Guru-dasanama karo mati,
lalis, lajon, lampus.
sat Garing, tanpa
banju.
Sat (asat) iku ateges ora ana
banjuné.
nis Ilang, lunga. Guru-dasanama karo nir, sirna.
Sempal Pokah Semplak tumrap pang, pang
kang sempal dadi ora ana
(ilang).
nglès Lunga Nglès utawa lunga iku dadi
ora ana.
gegana Tawang, langit. Guru-dasanama karo dirgantara,
widik-widik, wijat,
wijati, djumantara, akasa,
langit.
adoh. (Pm) Tebih. Guru-dasanama karo antara,
lan antara iku ateges
kosong. Dohé 20 km =
antarané 20 km.
Pènget.
  1. Sengkalan ing sadurungé djaman Mataram, lumrahé nganggo pétung taun Saka. Tjundhuké karo taun Masèhi kudu diwuwuhi 78.
  2. Tjandra-sengkala, ateges: taun-rembulan. Maksudé: taun kang pangétungé manut lakuné rembulan (taun Djawa). Kosok-baliné: Surja-sengkala, ateges: taun-srengéngé. Maksudé: taun kang pangétungé manut lakuning srengéngé (lakuné bumi ngubengi srengéngé). Taun Masèhi (lan uga taun Saka) iku kalebu Surja-sengkala.
  3. Manawa ngripta sengkalan, prajogané:
    1. Nganggoa tembung-tembung kang wis kaprah kanggo ing sengkalan, kang gampang dingretèni déning lijan.
    2. Adja nganggo tembung-tembung kang mbingungaké, jaiku tembung kang kena disurasa nduwèni watak-wilangan luwih saka sawarna, kajata: nata, bisa disurasa awatak 1, manawa iku tembung lingga kang ateges ratu; bisa awatak 5, manawa saka lingga tata.
    3. Unèn-unèné sengkalan (dadiné ukara) kudu mranani, liré surasané ukara kudu salaras karo bab utawa lelakon kang disengkalani, tjotjog utawa keplok karo bab utawa kadadéan kang dipèngeti sarana sengkalan. Adja mung awudjud tembung-tembung kang didjèdjèr-djèdjèr baé, nanging tembung-tembung kang kamot ing sengkalan iku bisaa dadi ukara kang dapukané mranani, salaras utawa keplok karo bab kang disengkalani.