Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
149
  1. Tembung-tembung sing gampang tjawuh (mbingungaké) kajata: Nawa-tawa, sad-sat, joga-jogi, muni-tjaturan, wanita-putri, brama-brahmana, menga-tumenga, arum-manis, ati-nala, rupa-warna, misik-mulang lsp. Watak pira sidji-sidjiné tembung iku?
TULAḌA SENGKALAN KANG MRANANI.
  1. Kaja Wulan Putri Iku = 1313 (taun Saka = 1313+ 78 taun Masèhi). Sengkalan ing pasaréané Putri Tjempa Dwara-wati ing Trawulan. Sang Dewi pantjèn tuhu sulistya ing warna, maṭuk banget disengkalani nganggo tembung „kaja wulan".
  2. Sirna Ilang Kartaning Bumi = 1400 (taun Saka = 1478 taun Masèhi); iku sengkalan rusaké kraton (nagara) Madjapait.

Ing djaman Madjapait, kaanané tanah Djawa (Nuswantara) gemah-ripah karta-rahardja, misuwur tekan mantja pradja. Bareng Madjapait rusak, karta-rahardjané nagara ja rusak, sirna, ilang gemah-ripahé. Mulané mungguh banget déné rusaké Madjapait kok disengkalani kaja mangkono uniné.

Ing ngisor iki panunggalané sengkalan kang mranani, peṭikan saka lajang Sastramiruda, jasan K.P.A. Kusumadilaga.

  1. Dadi Ḍeḍuwuraning Djanma = 104. Ngadjawané para Déwa.
  2. Jogi Dadi Radja =144. Baṭara Guru djumeneng Ratu lan ngaḍaton ana ing sikilé gunung Pangrango (Geḍé), nagarané aran Menḍangkamulan I, patihé Resi Narada.
  3. Sirna Wisajané Bumi = 150. Batara Guru pinḍah kraton menjang sikilé gunung Mahéndra (Lawu), nagarané isih aran Menḍangkamulan.
  4. Swara Karungwèng Djagad = 167. Baṭara Guru jasa gamelan Lokananta, ditabuh manawa para Déwa paḍa alénggot bawa.
  5. Angèsti Rasaning Djanma = 168. Baṭara Guru jasa Manḍalasana, jaiku palénggot-bawan, papané para Déwa nglénggotbawa binarung swaraning praḍangga Lokananta. (¹)
  6. Wahananing Wiku Tunggal = 174. Para Déwa muksa ing Kahjangan (kondur menjang puntjaké gunung Tengguru ing tanah Inḍu).
  7. Pantja Penḍita Ngratoni Wijat = 175. Hjang Endra djedjuluk Sri Maha Radja Sakra, djumeneng Ratu ana ing nagara Menḍanggana, kaatoné ing sikilé gunung Mahameru (Sumèru).

{{{1}}}