Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
147
bolong. (Pm). Butul. Bolongané awak (pantjadrija)
ana 9, jaiku: lésan 1, irung
2, mripat 2, kuping 2,
djubur 1, pawadonan utawa
planangan 1.
X. Megatruh. Watak das.
Sirna Ilang. Sirna iku dadi ora ana, das
uga ateges ora ana.
musna. Ilang Musna iku dadi ora ana
muksa. Ilang, ontjat. Barang kang muksa, ilang,
ontjat, dadi ora ana.
mesat. Ontjat, mumbul Mesat, mlesat, uga bandjur
ora ana.
langit. Tawang Langit (kang katon biru)
satemené ora ana.
mumbul. Muluk, mandhuwur Mumbul iku manduwur,
menjang langit.
Pedjah Mati. Pedjah uga sok ditembungaké
ora ana; wis mati= wis
ora ana.
tanpa. Ora mawi. Guru-dasanama karo ora ana,
ora nganggo.
suwarga. Sunjaruri. Ing swarga ora ana bungah-
susah, suwung, ora ana
apa-apa kadjaba mung
tentrem-lerem.
nir. Ilang Nir, ilang, muksa, sirna iku
ora ana.
Brastha Rusak. Barang kang brastha, sjuh,
rusak, dianggep wis ora ana.
rusak. Rusak, brastha. Guru-dasanama karo swuh,
sjuh, brastha, rusak.
swuh. Lebur, rusak,
sirna.
Guru-dasanama karo brastha,
rusak.
wuk. Wurung Wuk = wurung, ora ana. Endhog
wukan= ora ana
widjiné kang bisa dadi kuthuk.
suwung. Sepi, ora ana
isiné.
Suwung, sepi, sunja, ora ana
isiné.
Sunja Sepi. Guru-dasanama karo suwung
utawa ora ana.
windu. Wektu 8 taun,
rempelu.
Mindu iku guneman tanpa
kantja, ora ana wong kang
diadjak wawan gunem.