Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
13
    Para muda, ngudia angiket basa.

4. Kantjing gelung, gelung kondé modèl Bandung. (Tusuk-kondé, tjijoda).
Bésuk apa, damangé mring basa Djawa.

5. Tjarang wreksa, wreksa kang pineța djanma. (Pang, golèk).
Nora gampang, golèk kawruh mrih kaonang.

6. Ngréka puspa, puspa nedeng mbabar ganda. (Nggubah,mekar).
Nggubah bäsa, mrih mekar lanḍeping rasa.

7. Jaksa déwa, déwa dèwi lir danawa. (Kala, Durga).
Kala muda, bangkit ambéngkas durgama.

8. Mong ing tirta, tirta widjiling sarira. (Baja, kringet).
Sapa baja, banget ngudi basa Djawa.

9. Antjur katja, katja kotjak munggwing nétra. (Rasa, tesmak).
Wong wruh rasa, tan mamak ing tata-krama.

10. Sajèng kaga, kaga kresna mangsa sawa. (Kala, gagak).
Wong susila, lagaké anudju prana.

VI. Wangsalan ing lelagoning gending.

(Waspadakna tjakepaning umpak-umpak).
PANEMBRAMA PALAKRAMA 25 WARSA (JUBILEUM).

BAWA SEKAR AGENG RETNAMULJA.

Lampah 12 (4-4-4), ḍawah genḍing Sriwidada, laras pélog patet Barang.

7.23 3.232.3 67 5.653 5 5 567 7 7.276 6.72.3 67 5.653

Ret- na- mu- lja, purwa- ka- ning, pa- nem- bra- ma.

3.56 6.72.3 67653 72327 7 7 723 3.2 2 2 23.2 7.6

Tur pam- ba- gja, mring pra ta-mu, kang mi-nu- lja.

7.23 3.232.3 67 5.653 5 5 567 7 7.276 6.72.3 67 5.653

Mu- gi sa- mja, ti- ne- bihna, ing dur- ga- ma.

3.56 6.72.3 6765.765323 3 2 7.2 23 3.56 25 3.2 2327 6

Ba- su-kjar- dja, te- gub jwa- na, trus wi- da- da.

(Pm).