Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
14
UMPAK-UMPAK.

.2 2 3 3 3 3 3 2 2 3 2 7 Kalong a- lit djanma kang asung u- sa- da.

-7 2 2 2 2 2 2 3 3 2 7 6
Saja tuwa ru- kuné sa- ja ka-ta- ra.

.2 2 3 3 3 3 3 2 2 3 2 7

Ku-lik prija kaga ginantang gaga-na.

.5 6 5 3 3 3 3 5 6 7 7 6
Tu-hu njata patut kinar-ja tu-la-da.

Njanḍak GÉRONG KANG BAKU pada kang kapisan.

.6 6.67 56.7 5 6723 6. .3 3 32 723 67 5 5.65 3

Kanti su ka sukèng ka- jun, Kajungjun ing tyas mè- nget- i,

.2 35.67 5.5 67 5.65 3.2 35.67 5.5 67 5.65

pènget- an- ing pala- kra- ma, kang wus praptèng slawé war-si,

..7 7 56.72 3 67 5 5.65 3.2 72 23 3.5 6 25 3.2 2327 6

sanitya- sa sih-si nih- an, sa- i- jeg sa- é- ka kap- ti.

(Pm).

VII. Wangsalan kang sinawung ing tembang.

I. Kinanti (Paliwara M.N. IV).
Kinanti linging pitutur, kentang rambat menjan putih (1), awasna dipun pratéla, nolèha wiranging wuri, tjetjangkok wohing kalapa (2), kang dadi patoking urip.

II. Dandanggula (Paliwara M.N. IV).
Tjarang wřeksa (3) ingkang djamang tambir (4), nora gampang wong mengku nagara, baligo amba godongé (5), kudu santosèng kalbu, tengarèng prang (6) andeging riris (7), dèn teteg trang ing tjipta, senḍang niring ranu (8), sasat ana ing palagan, kasang toja (9) menjan séta munggwing ardi (10), jèn apes kuwirangan.