Kaca:Ngengrengan Kasusastran Jawa II.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

12

III. Wangsalan mawa pangeran tartamtu:
4 wanda + 8 wanda
  1. Kulik prija, dèn setya-tuhu witjara. Tuhu.
  2. Kapi djarwa, dakpeṭèk mangsa luputa. Keṭèk.
  3. Kawi banju, njata karangané Guru. Tirta.
  4. Tjarang wreksa, nora gampang ngarang Djawa. Epang.
  5. Bajem toja, langkung susah manah kula. Kangkung.
  6. Kukus gantung, daksawang sadjaké bingung. Sawang.
  7. Kembang ganjong, adja tjidra marang wong. Puspanjidra.
  8. Gajung sumur, ajwa kemba bandjur mundur. Timba.
  9. Balung djanur, mangka usadaning nganggur. Sada.
  10. Wohing tandjung, dèn betjik bekti mring bijung. Ketjik.
  11. Bajem arda, putri anteng tur djatmika. Lateng (klateng).
  12. Djarum djala, mara tjoba nggubah basa. Tjoban.
  13. Singa ranu, dèn setya mring ubajamu. Baja.
  14. Kambing wana, bektia mring kadang wreḍa. Kidang.
  15. Sekar putjang, sèwu begdja kemajangan. Majang.
  16. Tepi wastra, dèn tresna sapaḍa-paḍa. Kemaḍa.
  17. Tédja béngkok, jwa nganti keduwung' sira. Kluwung.
  18. Tédja pita, saja nglajung tjahjanira. Lajung.
  19. Sepat domba, jwa guramèh tan prasadja. Gramèh.
  20. Roning mlindjo, sampun kesel njuwun ngaso. Eso.
IV. Wangsalan mawa paugeran tartamtu
(4 wanda + 8 wanda) × 2.
  1. Tédja pita, kang tadji mawa ganḍéwa. (Lajung, panah). Saja nglajung, seḍih-kingkin manah kula.
  2. Sénté arga, putra Dèwi Wilutama. (Kadjar, Aswatama) Udjarira, anulad laku utama.
  3. Djarwa sirna, pring anom rinudjit miring. (Ilang, tutus). Nggegulanga, mrih putus kagunan Djawa.
  4. Antjur katja, wanara putraning Tara, (Banju-rasa, Anggada). Rasekena, mrih lebda empaning basa.
  5. Djaja kuda, menjaṅ séta mong ing tirta, (Anḍeman, tawas, baja).

Anḍemana, kanṭi awas ing bebaja.

V. Wangsulan èdi-pèni.
  1. Bajem arda, ardané ngrasuk busana. (Lateng, besus). Mari anteng, besusé saja katara.
  2. Kulik prija, prija Andjani putra. (Tuhu, Anoman). Tuhu éman, wong anom wedi kangélan.
  3. Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (Kemaḍa, iket).