Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/163

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Arih Numboro, lair ing Desa Wiroko, Kecamatan Tirtomoyo, Kabupaten Wonogiri, ing dina Kemis Kliwon, 13 Januari 1966. Makarya minangka guru Basa Jawa ing SMP Negeri 2 Kismantoro Wonogiri wiwit taun 2005. Sadurunge kuwi, wiwit taun 1996 nganti taun 2004 nate dari guru ing saperangan SMP swasta ing Sala. Ora nate sekolah ing bangku TK. SD karampungake ing taun 1979, SMP ing taun 1982, lan SMA ing taun 1985. Nate ngrasakake kuliah ing IKIP Veteran Sukoharjo (saiki Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo) ing taun 1985/1986. Rumangsa salah jurusan jalaran ora kepengin dadi guru, ing taun 1986 mlebu ing UNS jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Lulus taun 1991. Sajrone limang taun nganggur jalaran ora ana pagawean kang cocok karo karepe. Ing taun 1996 “kepeksa” mulang ing salah sawijine SMP swasta ing Sala. Wiwit wektu kuwi dheweke ngrasakake nikmate dadi guru. Seneng maca basa Jawa kang awujud apa bae wiwit cilik, nanging miwiti nulis nalika ngancik bangku kuliah. Ora akeh tulisan kang diasilake, jalaran pancen dheweke ora produktif. Tulisan kang awujud rekaan (fiksi) kabeh nggunakake basa Jawa, dene tulisan kang awujud artikel ditulis nganggo basa Indonesia lan basa Jawa. Nganti ing wektu iki durung bisa mujudake gegadhangane, yakuwi gawe buku kumpulan cerkak, kumpulan dongeng, kumpulan geguritan, lan uga durung bisa ndadekake salah sawijine muride dadi pengarang Jawa. Ing wektu iki mapan ing Kampung Gendingan RT 4, XIV, Jebres,

Surakarta.

152 | Antologi Cerkak