Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/162

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Badrun banjur ngadeg, jumangkah ninggalake papan kuwi tumuju menyang ratan. Lakune gloyoran. Imah lan uga wong sapasar mung padha nyawang apa kang ditindakake Badrun kanthi rasa memelas.

“Kyai, rumaos kula, kula boten nate nilar angger-angger. Ingkang wajib lan ingkang sunnah tansah kula tindakaken ing saben dintenipun. Rumaos kula boten wonten ingkang kula singkiri setunggal-setunggala.”

Kyai Zuhri mung mesem. Pangrangkule marang muride kang kinasih saya dikencengi jalaran sikile Badrun sansaya ora kuwat nyangga awake.

“Kyai, punapa wonten ingkang dereng kula tindakaken?”

“Ora, Wong Bagus. Kabeh wis kotindakake. Sing wajib lan sing sunnah. Kalebu uga kowe wis nindakake sing nerak anggerangger kabecikan.”

“Kyai, kula nyuwun pangapunten. Kula nindakaken perkawis punapa?”

“Kowe kelingan Pak Kersa? Dheweke tau dodolan apa marang kowe?”

Badrun ngendhegake lakune. Dheweke banjur ngrangkul Kyai Zuhri. Kenceng pangrukete. Dheweke bali nangis sesenggrukan, banjur matur: “Inggih, Kyai, piyambakipun nate sesadean epek satimangipun ingkang tinretes mas barleyan.”

“Koregani kanthi samesthine rega apa ora?”

Badrun ora wangsulan. Nanging kuwi wis mujudake wang­ sulan marang tindake kang nerak bebener. Anggone ngrangkul Kyai Zuhri sansaya kenceng. Tangise uga sansaya seru. Nanging tangise dumadakan meneng. Pangrukete uga sansaya kendho, banjur tiba nglumpruk ing satengahe ratan sangarepe pasar Jatisari.

Sala, wanci subuh 11 Dzulhijjah 1428 H

Nalika Rembulan Bunder |151