Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Nalika Rembulan Bunder Yan Tohari

Rusti ilang, Janto kena pulute.

“Aku iki dudu dhukun, dadi ora bisa mbatang apa sing kelakon ing uripe. Ireng apa putih, mulya apa cilaka, malah urip apa mati. Kabeh harak gumantung dheweke sing nglakoni. Dadi aku ora ngerti Rusti ana ngendi,” mangkono Janto nanduki wola-wali pitakone Dirga.

“Aku ya ora duwe karep ngono,” kandhane wong lanang setengah umur sing dina-dina iki ijlig-iwir ing omahe Janto.

“Aku mung kepengin krungu kandhamu, jalaran awakmu salah-sijine wong kang nate caket klawan wong wadon iku?” cela­thune Dirga maneh.

Meh ora kepetung, embuh iki wis sing kaping pira. Muleg iku wae sing dadi pitakone Dirga. Perkara Rusti, Rusti lan Rusti. Kamangka Janto wis bosen krungu rembug kuwi. Kupinge kaya sesak kesumpelan perkara wong wadon siji iku. Mung anehe, Dirga kaya duwe karep aneh klawan bocah wadon aran Rusti kuwi, sing wis udakara telung sasi iki angel golek-golekane. Pancen Janto dhewe ya gumun, apa sebabe Rusti nganti ilang prasasat kauntal angin. Musna nggeblas tanpa tabet.

Rusti klebu kembang ing laladan kene, akeh langganane. Bayarane mbanyu-mili kena kanggo nyambung urip. Nanging, geneya kok milih minggat. Sailange Rusti akeh wong lanang bathuk klimis sing klimpungan kelangan mangsa, klebu Dirga.

Nalika Rembulan Bunder | 153