Kaca:Murkane Ibu.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Sakwise kedadeyan mau, Mika saben dina mara menyang omah- ku kanggo njaluk ngapura. Aku rasane melas marang dheweke. Amarga aku isih nyimpen rasa tresna marang Mika, lan aku ngapura lupute dheweke.

Sak wulan sakdurunge pengumuman kelulusan SMP, Mika ban- jur pengin nerusake sekolah menyang SMA. Mika pengin sekolah ana ing njaban kutha, yaiku kutha ing Magelang. Aku rasane ora bisa adoh karo Mika, lan aku ora bisa nglalekake dheweke sing wis rumaket ning atiku. Mbokya akeh wanita kang luwih ayu lan manis. Nanging, atiku ora bisa nglalekake rasa tresnaku marang Mika, kang wis dadi pepujaning atiku.

Sajroning setaun ora ana kabar seka Mika. Amarga aku anak wong ora duwe. Radhio wae ora duwe apa maneh telepon (HP). Na- nging, rasa tresnaku ora bakal ilang lan tetep kanggo Mika wanita kang tak tresnani.

Tahun iki aku munggah kelas 2 SMA, aku ora bisa nglalekake Mika seka atiku. Aku ora ngira bakale ana bocah anyar maneh kang mlebu anaing kelasku. Aku krungu bocah mau pindahan seka Mage- lang, papan kang dienggo pepujaning atiku ngluru ngelmu.

DinaSenin, bocah anyarmau wiwit mlebu sekolah. Aku ora nyana bakal ketemu maneh karo Mika, amarga tak pikir wis ora mbalik neng asale. Tenan, cah anyar mau Mika! Wanita kang tak idham-idham- ake kawit biyen. Aku seneng banget bisa ketemu karo Mika neng panggonan kang ora tak nyana. Pengarep-arepku kanggo nduweni Mika metu meneh saka atiku.

Sawijining dina, aku dolan marang omah Mika kang ora adoh saka omahku. Aku crita-crita pengalamane dhewe. Aku ora sadhar yen saka ilatku metu ukara

“Apa sakiki kowe wis nduweni priya kang tok tresnani? Gan- dheng kowe tambah gedhe lan ayu.”

Mika ketok isin rupane, malah dadi pucet amarga krungu apa sing tak takokake mau kanthi swara lirih.

“Durung ana” jawape Mika.

Atiku tansah sumringah amarga krungu apa kang diomongke Mika.

Aku ngrasakke kaya duwe daya anyarkanggo nyedhaki Mika, amarga dheweke isih dewe durung ana sing nduweni.


> “Murkane Ibu” ee 115