Kaca:Murkane Ibu.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki durung katitiwaca

Awan klawan bengi aku tansah mikir kepiye carane ngetokake rasa tresnaku kang ana ing atiku marang Mika. Aku kelingan nalika nonton teve anaing omahe tanggaku lan weruh acara kang nggam- barake kepiye carane ngetokake rasa tresna marang wanita sing ditresnani. Aku pengin rembugan karo Mika kanthi cara kang neg- semake supaya nduweni rasa kang ora bisa dilalekake.

Sak wijining dina, aku ngajak Mika dolan menyang papan kang aku karo dheweke tau dolan bebarengan. Papan kang bakal tak tuju, yaiku Grojogan Widodaren.

Neng tengah ndalan tumujaning grojogan Mika kepleset. Ora sengaja dheweke ngranggeh tanganku. Iku pengalaman sepisanku gegandhengan tangan karo Mika kang ora bisa tak lalekake.

Tekaning grojogan ora ana papan kang owah, isih akeh kembang- kembang ing sak pinggir grojogan. Aku jagongan ana ing ndhuwur watu gedhe ing sak pinggiring grojogan. Aku mikir, iki wektu kang pas kanggo ngetokake apa kangdadi uneg-uneging atiku. Aku ban- jurmethik kembang Srunen, nyedhak marang Mika lan aku meneh- ake kembang,

“Apa kowe gelem dadi gegantilaning atiku? Rasa tresnaku ma- rang kowe kaya kembang Srunen iki, kang tetep ana lan ora bakal mati naliko rendheng lan ketiga.”

Ukara iki kang metu saka ilatku naliko bareng karo menehake kembang marang Mika. Atiku tansah deg-degan ngenteni jawabane Mika. Ora suwe anggonku ngenteni jawaban, Mika banjur “manthuk” tandha menawa dheweke gelem dadi pepujaning atiku. Atiku tan- sah seneng lan lali yen aku isih ngadeg ana ing ndhuwur watu, se- hingga aku kepleset lan kecegur ing kedhung sak pin ggjring grojogan.

Ora krasa aku wis nglabuhake atiku marang Mika nganti aku kelas 3 SMA. Lan sedelo maneh aku bakal Ujian Nasional. Aku pe- ngin mbuktekake marang Mika yen aku pantes dadi gegantilaning atine. Aku pengin lulus kanthi biji kang apik lan Mika ora kuciwa marang aku.

Telung tahun kapungkur, kanthi sinau kang temen supaya bisa lulus kanthi biji kang apik. Dina iki wiwitane kanggo ujian. Se- minggu iki aku bakale nglaksanakake ujian.

Ujian Nasionalrampung. Aku mung kari nunggu pengumum- an ujian. Aku tansah bingung mikirake kasile ujian.

116 = Antologi Crata Cekak ee.